Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 126 >> 

MASMUR 126; Pangarep-arep ing satengahing karubedan

1Kidung jiyarah. Ing kalane Pangeran Yehuwah mulihake kaanane Sion, kaanan kita kaya wong ngimpi.

2Ing nalika iku cangkem kita padha kebak guyu, lan ilat kita kebak giyak-giyak. Ing nalika iku ing antarane para bangsa ana ujar mangkene: “Pangeran Yehuwah wus nandukake prakara kang gedhe marang para wong iki!”

3Pangeran Yehuwah wus nandukake prakara kang gedhe marang kita, mulane kita padha bungah.

4Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa mulihaken kawontenan kawula, kados pulihipun lepen asat wonten ing Tanah Negeb!

5Wong kang padha nyebar wiji karo mbrebes mili, bakal ngeneni kambi giyak-giyak.

6Wong kang lumaku maju kalawan nangis kambi nyebar wiji, mulihe mesthi kalawan surak-surak karo ngusung gedhengane.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 126 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel