Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 127 >> 

MASMUR 127; Berkahe Pangeran Yehuwah kawitaning kaslametan

1Kidung jiyarah anggitane Prabu Suleman. Manawa dudu Pangeran Yehuwah kang yasa omah, tanpa gawe panggarape tukange; manawa dudu Pangeran Yehuwah kang ngreksa marang kita, tanpa gawe wong jaga anggone melek.

2Tanpa guna anggonmu tangi esuk umun-umun, lan lelungguhan nganti bengi, lan mangan roti kang anggone oleh kalawan rekasa, amarga iku diparingake dening Panjenengane marang kang ditresnani nalika pinuju turu.

3Lah anak-anak lanang iku pusaka peparinge Sang Yehuwah, wohing wetengan iku sawijining pituwas.

4Kaya panah ana ing tangane wong prawira, kaya mangkono mungguh anak-anak nalika nome.

5Begja wong kang endhonge dikebaki kalawan iku kabeh. Wong iku ora bakal nandhang wirang manawa rembugan karo mungsuh ana ing gapura.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 127 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel