MASMUR 134; Kekidungan ing wayah bengi
1Kidung jiyarah. Ayo padha saosa puji marang Sang Yehuwah. He sakehe para abdining Sang Yehuwah, kang padha teka leladi ana ing padalemaning Sang Yehuwah, ing wayah bengi.
2Tanganmu padha ulukna madhep marang papan suci, lan padha saosa puji marang Sang Yehuwah.
3Pangeran Yehuwah kang nitahake langit lan bumi, muga mberkahana kowe saka ing Sion.