Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 141 >> 

MASMUR 141; Pandonga ing sajroning panyoba

1Masmur anggitane Prabu Dawud. Dhuh Yehuwah, kawula nyebut dhumateng Paduka, kawula mugi enggal Paduka rawuhi, mugi nilingaken dhateng swanten kawula samangsa kawula sesambat dhumateng Paduka.

2Pandonga kawula mugi dadosa kados kurban dupa arum kagem Paduka, saha tangan kawula ingkang kawula ulukaken dadosa kados pisungsung kurban ing wanci sonten.

3Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa ngawat-awati cangkem kawula, korining lambe kawula mugi Paduka jagi.

4Manah kawula mugi sampun Paduka eneraken dhateng piawon, supados sampun ngantos nindakaken pandamel ingkang duraka, sesarengan kaliyan tiyang ingkang nglampahi piawon, sarta kawula sampun ngantos ngraosaken tetedhanipun ingkang eca-eca.

5Tiyang mursid kajengipun nggebag saha ngukum kawula, punika katresnan; nanging lisahipun tiyang duraka sampun ngantos ngrengga sirah kawula. Saestu kawula tansah ndedonga nglawan pandamelipun awon.

6Manawi tiyang-tiyang wau kapasrahaken dhateng para hakimipun, temtu badhe mireng, bilih tembung kawula punika ngresepaken.

7Kadosdene sela ingkang dipun sigar lan dipun remuk wonten ing siti, makaten ugi balung-balungipun sami pating slebar wonten ing cangkeming jagadipun tiyang pejah.

8Nanging, dhuh Allah, Gusti kawula, mripat kawula tumenga dhateng Paduka, kawula ngungsi dhateng Paduka, Paduka sampun ngantos mbanting kawula.

9Paduka mugi karsaa ngayomi kawula sampun ngantos kenging ing jiret, ingkang kangge masangi kawula, saha ing kalanipun tiyang ingkang nindakaken piawon.

10Tiyang duraka sami badhe dhawah sesarengan ing jaringipun piyambak, nanging kawula saged ngoncati.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 141 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel