Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 143 >> 

MASMUR 143; Pandonga nyuwun pitulungan lan piwulang

1Masmur anggitane Prabu Dawud. Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa miyarsakaken pandonga kawula, pasambat kawula mugi Paduka tilingaken! Mugi karsaa nyembadani panyuwun kawula ing salebeting kasetyan tuwin kaadilan Paduka!

2Paduka mugi sampun ngantos prakawisan kaliyan abdi Paduka punika, awit ing antawisipun tiyang gesang boten wonten ingkang pinanggih leres wonten ing ngarsa Paduka.

3Awitdene satru sampun ngoyak-oyak kawula sarta ngeplekaken nyawa kawula ing siti, nglebetaken kawula dhateng ing pepeteng kados tiyang ingkang sampun pejah lami.

4Nyawa kawula nglentrih lemes wonten ing batos kawula, manah kawula legeg-legeg wonten ing badan kawula.

5Kawula kengetan dhateng dinten-dinten ing jaman kina, kawula ngraos-ngraosaken dhateng sadaya pakaryan Paduka, kawula manah-manah dhateng pakaryanipun asta Paduka.

6Kawula ngegaraken tangan kawula dhumateng Paduka, nyawa kawula ngorong dhumateng Paduka kados siti ingkang cengkar. (Selah)

7Dhuh Yehuwah, Paduka mugi enggal karsaa paring wangsulan dhumateng kawula, semangat kawula sampun telas! Paduka mugi sampun nyingidaken wadana Paduka saking kawula, ngantos kawula kados tiyang-tiyang ingkang sami mandhap dhateng ing kubur.

8Kawula ing wanci enjing mugi kawedharana sih-kadarman Paduka, awit kawula kumandel dhumateng Paduka! Kawula mugi Paduka tedahaken margi ingkang kedah kawula ambah, awit nyawa kawula tumenga dhumateng Paduka.

9Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka uwalaken saking satru-satru kawula, kawula ngayom dhumateng Paduka.

10Kawula mugi Paduka wulang nglampahi karsa Paduka, awit Paduka punika Gusti Allah kawula! Roh Paduka ingkang sae mugi nuntuna lampah kawula wonten ing siti ingkang wradin.

11Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka gesangaken margi saking asma Paduka, nyawa kawula mugi Paduka entas saking karibedan demi kaadilan Paduka.

12Satru kawula mugi sami Paduka tumpes demi sih-susetya Paduka, saha sakathahipun tiyang ingkang ngrubedi kawula mugi Paduka sirnakaken, awitdene kawula punika abdi Paduka.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 143 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel