Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 145 >> 

MASMUR 145; Kidung pepujian marga saka kamurahaning Sang Yehuwah

1Pepujian anggitane Prabu Dawud. Dhuh Allah kawula, dhuh Ratu kawula, Paduka badhe kawula luhuraken, saha badhe tansah memuji asma Paduka ing salaminipun.

2Saben dinten kawula badhe memuji dhumateng Paduka, saha asma Paduka badhe tansah kawula luhuraken ing salaminipun.

3Pangeran Yehuwah punika agung sarta sanget pinuji-puji kaluhuranipun punika boten saged jinajagan.

4Saben turun badhe ngalembana pakaryan Paduka, saha sami badhe nyariyosaken kasantosan Paduka.

5Cahyanipun kamulyan Paduka ingkang agung tuwin pakaryan Paduka ingkang elok badhe kawula kidungaken.

6Tiyang kathah sami badhe nggiyar-nggiyaraken kakiyataning pakaryan Paduka ingkang nggegirisi, sarta kaluhuran Paduka badhe kawula cariyosaken.

7Pengetan tumrap kasaenan Paduka ingkang ageng badhe kaundhangaken dening tiyang-tiyang wau, tuwin badhe sami surak-surak margi saking kaadilan Paduka.

8Pangeran Yehuwah punika ambek asih sarta welasan, sabar sanget saha ageng sanget sih-kadarmanipun.

9Kasaenanipun Sang Yehuwah punika nyrambahi tiyang sadaya saha sihrahmatipun ngluberi sadaya ingkang katitahaken dening Panjenenganipun.

10Dhuh, Yehuwah, sadaya ingkang Paduka titahaken punika sami badhe ngunjukaken panuwun dhumateng Paduka, sarta para kekasih Paduka badhe sami memuji dhumateng Paduka,

11sami badhe nyuwuraken kamulyaning karajan Paduka, sarta badhe ngrembag kasantosan Paduka,

12supados para anaking manungsa sami mireng pawartos bab kasantosan Paduka, kaliyan kamulyaning sumorotipun karajan Paduka.

13Karajan Paduka punika karajan ingkang langgeng, tuwin peprentahan Paduka punika tetep sumrambah dhateng sadaya anak-putu. Pangeran Yehuwah punika setya ing sadhawuhipun lan kebak sih-kadarman tumrap sakathahing pakaryanipun.

14Pangeran Yehuwah punika dados tetuwak tumrap sakathahipun tiyang ingkang dhawah lan ingkang njejegaken sakathahing tiyang ingkang tumungkul.

15Sakathahipun mripat sami ngadhang-adhang dhumateng Paduka, lan inggih sami Paduka paringi tedha ing kala mangsanipun.

16Paduka ingkang ngegaraken asta Paduka, lan kepareng nuwuki sadaya ingkang gesang.

17Pangeran Yehuwah iku adil ing satindak-tanduke, sarta kebak sih-kadarman ing sapandamele.

18Pangeran Yehuwah celak karo saben wong kang nyebut marang asmane, lan karo wong kang sesambat marang Panjenengane kalawan setya.

19Para wong kang ngabekti marang Gusti Allah padha dijurungi kekarepane, dipiyarsakake pasambate banjur padha diluwari.

20Pangeran Yehuwah ngreksa marang sakabehing wong, kang tresna marang Panjenengane, nanging sakehing wong duraka bakal padha ditumpes.

21Cangkemku ngunjukake pepujian marang Pangeran Yehuwah, sarta sakehing makhluk kareban padha tansah ngluhurake asmane kang suci ing salawase.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 145 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel