Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 146 >> 

MASMUR 146; Mung Gusti Allah kang paring pitulungan ora ana liyane

1Haleluya! Dhuh nyawaku, saosa puji marang Pangeran Yehuwah!

2Aku bakal ngluhurake Sang Yehuwah sajegku urip, Allahku bakal dakpuji kalawan masmur sajrone aku isih ana.

3Aja kumandel marang para panggedhe, lan marang anaking manungsa kang ora bisa aweh karahayon.

4Manawa nyawane pecat, banjur bali menyang ing lemah; ing dina iku uga kekarepane sirna.

5Rahayu wong kang ndarbeni Allahe Rama Yakun minangka pamomonge, kang pengarep-arepe marang Sang Yehuwah, Gusti Allahe,

6Panjenengane kang nitahake langit lan bumi, segara lan saisine kabeh, kang tetep setya ing salawase,

7kang njejegake kaadilan tumrap wong kang padha ditindhes, kang paring pangan marang wong kang padha keluwen, Pangeran Yehuwah ngluwari wong kang padha kinunjara.

8Pangeran Yehuwah ngelekake mripate para wong wuta, Pangeran Yehuwah njejegake para wong kang tumungkul, Pangeran Yehuwah ngasihi marang para wong mursid.

9Pangeran Yehuwah ngreksa marang wong ngamanca, bocah lola lan randha padha disantosakake maneh, nanging dalane wong duraka dienggokake.

10Pangeran Yehuwah iku jumeneng raja ing salawase, Allahmu, he Sion, turun-tumurun. Haleluya!


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 146 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel