Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 2 >> 

MASMUR 2; Ratu kang jinebadan dening Sang Yehuwah

1Geneya para bangsa padha mampang-mampang wringuten, lan para suku bangsa padha ngangen-angen kang tanpa guna?

2Para raja ing bumi padha siyaga ing perang lan para panggedhe sakuthon arep ngayoni Sang Yehuwah lan Sang Jebadane, pangucape:

3“Payo padha medhot dhadhunge lan mbuwang kendharate.”

4Panjenengane kang lenggah ana ing swarga iku gumujeng, Sang Yehuwah moyoki wong-wong mau.

5Nuli padha didhawuhi kalawan bendu lan digirisake kalawan bramantyane:

6“Ingsun kang wus ngadegake ratuningSun ana ing Sion, gunungingSun kang suci.”

7Aku arep ngandhakake kekancingane Sang Yehuwah; pangandikane marang aku: “Sira iku putraningSun! Ingsun kang mutrakake Sira ing dina iki.

8Sira nyenyuwuna marang Ingsun, mesthi Sira Sunparingi para bangsa dadi pusakanira, lan pungkasaning bumi dadi darbekira.

9Iku bakal Sira ejur kalawan gada wesi, bakal Sira remuk kaya grabahing kundhi.”

10Mulane, he para raja, padha tumindaka kang wicaksana; para hakim ing bumi, padha ngrungokna marang pepeling!

11Padha ngabektia marang Sang Yehuwah kanthi pakering; lan sungkemana sampeyane kanthi gumeter,

12supaya Panjenengane aja paring deduka, temah kowe tumpes ana ing dedalan, amarga bebendune gampang banget anggone mulad-mulad. Rahayu sakehing wong kang ngungsi marang Panjenengane!


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel