Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 25 >> 

MASMUR 25; Donga nyuwun pangapura lan pangayoman

1Anggitane Prabu Dawud. Dhuh Yehuwah, nyawa kawula kawula angkat dhumateng ing ngarsa Paduka.

2Dhuh Allah kawula, kawula pitados dhumateng Paduka, mugi kawula sampun ngantos nandhang wirang; mengsah kawula sampun ngantos sami bingah-bingah margi saking kawula.

3Sayektos, tiyang ingkang ngantos-antos dhumateng Paduka punika, mesthi boten kawirangan; nanging tiyang ingkang nglampahi cidra tanpa sabab punika manggih wirang.

4Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka paringi sumerep bab margi Paduka, sarta karsaa nedahaken radinan Paduka.

5Lampah kawula mugi Paduka tuntun wonten ing kaleresan Paduka, lan kawula mugi Paduka wulang, amargi Paduka punika Allah ingkang paring karahayon dhumateng kawula; Paduka ingkang kawula antos-antos sadinten muput.

6Dhuh Yehuwah, Paduka mugi enget dhateng ing sih-palimirma sarta kadarman Paduka, awit punika sadaya sampun wonten wiwit ing jaman purwa mila.

7Paduka mugi sampun ngengeti dhateng dosa kawula nalika taksih nem tuwin dhateng duraka kawula, nanging mugi Paduka karsaa enget dhumateng kawula manut sih-kadarman Paduka, margi saking kamirahan Paduka, dhuh Yehuwah.

8Sang Yehuwah iku becik lan adil, mulane wong kang kesasar padha ditedahi dalan.

9Wong kang lembah manah padha dituntun lakune ana ing kabeneran, wong kang lembah manah padha ditedahi margine.

10Kabeh margining Yehuwah iku katresnan, kasetyan lan kabeneran tumrap wong kang padha netepi prajanjian lan pepengete.

11Margi saking asma Paduka, dhuh Yehuwah, mugi karsaa ngapunten kalepatan kawula, awit punika ageng.

12Sapa kang wedi marang Sang Yehuwah? Iku mesthi ditedahi dalan kang kudu kapilih.

13Wong iku dhewe bakal tetep ana ing kabegjan, sarta turune bakal oleh warisan bumi.

14Pasrawungane Sang Yehuwah kang celak iku karo wong kang padha wedi marang Panjenengane, sarta iku padha diparingi sumurup bab prajanjiane.

15Mripatku tansah tumenga marang Sang Yehuwah, amarga Panjenengane bakal nguwalake sikilku saka ing kalajiret.

16Paduka mugi karsaa mirsani lan melasi kawula, awit kawula kepencil tuwin kesrakat.

17Paduka mugi karsaa nglonggaraken manah kawula ingkang karupekan punika, mugi karsaa ngluwari kawula saking karibedan kawula!

18Paduka mugi karsaa mirsani kasangsaran saha kangelan kawula, saha sakathahing dosa kawula mugi kaapuntena.

19Paduka mugi karsaa mirsani mengsah kawula, dene kathah sanget, sarta anggenipun sengit sanget dhateng kawula.

20Nyawa kawula mugi Paduka reksa saha mugi karsaa ngluwari kawula, sampun ngantos kawula manggih kawirangan, awit kawula ngayom dhumateng Paduka.

21Kawula mugi kairingna ing katulusan saha kajujuran, awit Paduka ingkang kawula antos-antos.

22Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa ngluwari Israel saking sakathahing karibedanipun.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 25 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel