MASMUR 3; Kidung ing wayah esuk ing sajrone adhep-adhepan karo mungsuh
1Masmur anggitane Sang Prabu Dawud, nalika keplajeng saka ing ngarsane kang putra Pangeran Absalom. (3-2) Dhuh Yehuwah, pinten-pinten satru kawula, kathah tiyang ingkang nglawan kawula;
2(3-3) kathah tiyang ingkang mungel tumrap kawula makaten: “Iku mesthi ora oleh pitulungan saka Gusti Allah.” (Selah)
3(3-4) Nanging Paduka, dhuh Yehuwah, ingkang dados tetameng kawula, ingkang ngaling-alingi kawula, Paduka ingkang dados kaluhuran kawula, inggih ingkang ndengengekaken sirah kawula.
4(3-5) Kalawan sora anggonku nyebut marang Sang Yehuwah, banjur diparingi wangsulan saka ing gununge kang suci. (Selah)
5(3-6) Aku leyeh-leyeh banjur turu; aku tangi, amarga disantosakake dening Sang Yehuwah.
6(3-7) Aku ora wedi marang bala leksan, kang arep ngepung aku.
7(3-8) Dhuh Yehuwah, kawula aturi jumeneng mitulungi kawula, dhuh Allah kawula, amargi Paduka ingkang sampun nggepuk uwanging sakathahipun mengsah kawula, saha tiyang duraka sami Paduka rampalaken untunipun.
8(3-9) Pitulungan punika dhatengipun saking Sang Yehuwah, berkah Paduka rumentaha ing umat Paduka. (Selah)