Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 30 >> 

MASMUR 30; Kidung pamuji sokur marga uwal saka ing bebaya

1Masmur. Kidung kanggo nucekake Padaleman Suci. Anggitane Prabu Dawud. (30-2) Dhuh Yehuwah, Paduka badhe kawula luhuraken, amargi Paduka sampun ngentas kawula, saha boten marengaken manawi mengsah kawula sami bingah margi saking kawula.

2(30-3) Dhuh Yehuwah, Allah kawula, kawula sesambat nyuwun tulung dhumateng Paduka, lajeng Paduka sarasaken.

3(30-4) Dhuh Yehuwah, Paduka sampun ngentas nyawa kawula saking ing teleng palimengan, Paduka nggesangaken kawula wonten ing antawisipun tiyang-tiyang ingkang sampun lumebet ing kubur.

4(30-5) Padha ngidungna masmur kagem Sang Yehuwah, he para wong kang dikasihi, sarta padha nyaosna pamuji sokur marang asmane kang suci!

5(30-6) Amarga bebendune mung sadhela, nanging kamirahane tetep ing salawase urip; ing wayah bengi ana panangis, ing wayah ngarepake esuk keprungu surak-surak.

6(30-7) Ing salebeting kabingahan kawula, osiking manah kawula: “Aku ora bakal gloyoran salawase!”

7(30-8) Dhuh Yehuwah, margi saking anggen Paduka karenan, kawula sampun Paduka papanaken wonten ing sanginggiling redi ingkang santosa; nanging sareng Paduka nutupi wadana Paduka, kawula kaget.

8(30-9) Kawula munjuk kalayan sora dhumateng Paduka, dhuh Yehuwah, lan kawula nyenyuwun dhumateng Pangeran:

9(30-10) “Punapa paedahipun manawi rah kawula wutah, manawi kawula mandhap dhateng ing kubur? Punapa lebu saged ngaturaken pamuji sokur dhumateng Paduka sarta martosaken kasetyan Paduka?

10(30-11) Dhuh Yehuwah, Paduka mugi miyarsakaken saha melasi kawula, dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa jumeneng dados juru tetulung kawula!”

11(30-12) Kawula ingkang sesambat Paduka santuni dados tiyang ingkang jejogedan, pangangge kawula bagor Paduka rucat, kawula lajeng Paduka sabuki kaliyan kabingahan,

12(30-13) supados nyawa kawula ngidungaken masmur kagem Paduka lan sampun ngantos kendel kemawon. Dhuh Yehuwah, Allah kawula, kawula badhe ngidungaken pamuji sokur dhumateng Paduka ing salaminipun.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 30 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel