Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 35 >> 

MASMUR 35; Pandonga nyuwun tulung, marga ana mungsuh

1Anggitane Prabu Dawud. Dhuh Yehuwah, Paduka mugi mabenana tiyang ingkang sami mabeni kawula, mugi merangana tiyang ingkang sami merangi kawula.

2Paduka mugi karsaa ngasta tameng lan paris, Paduka mugi karsaa jumeneng mitulungi kawula.

3Paduka mugi karsaa ngedalaken tumbak kaliyan wadung-perang kangge nglawan para tiyang ingkang sami ngoyak kawula; saha Paduka mugi karsaa ngendika dhateng nyawa kawula: “Ingsun kang mitulungi sira.”

4Tiyang ingkang sami ngangkah nyawa kawula mugi samia kisinan lan kawirangan, tuwin ingkang ngangkah dhateng sangsara kawula mugi samia mundur lan kisinan.

5Samia kados mrambut kabur ing angin, samangsa sami kakentasaken dening Malaekating Yehuwah.

6Marginipun dadosa peteng saha lunyu, saha sami kaoyaka dening Malaekating Yehuwah.

7Tanpa jalaran anggenipun masangi kala-jiret dhateng kawula, tanpa jalaran anggenipun ndhudhuk luwangan kangge kawula.

8Tiyang punika kadhatengana ing bilai ingkang boten kanyana-nyana, sarta kajireta ing kala ingkang kapasang piyambak, kajengipun dhawah temah sirna!

9Nanging kawula badhe asurak-surak margi saking Pangeran Yehuwah, sarta badhe suka pari suka margi saking paringipun pitulungan.

10Balung kawula sadaya badhe munjuk makaten: “Dhuh Yehuwah, sinten ingkang kados Paduka, ingkang ngluwari tiyang kesrakat saking tanganipun tiyang ingkang langkung kiyat katimbang piyambakipun, sarta ingkang ngluwari tiyang sangsara saha mlarat saking tanganipun ingkang ngrampog?”

11Seksi ingkang remen dhateng kakerasan sami jumedhul, sami nggigat ing bab ingkang boten kawula ngretosi.

12Kasaenan kawula dipun wales piawon, temah nyawa kawula dados pepes.

13Ewadene menggah kawula, nalika tiyang punika sami sakit, kawula mangangge bagor, kawula nyiksa badan kawula kaliyan siyam, tuwin pandonga kawula thukul malih wonten ing manah kawula,

14kados-kados mitra kawula utawi sadherek kawula ingkang sakit, kados makaten tangkep kawula; kawula tansah nandhang sisah kados tiyang ingkang kapejahan biyungipun, lampah kawula tansah tumungkul kalayan mangangge bagor.

15Nanging sareng kawula kesandhung saha dhawah, lajeng sami bingah saha nglempak, sami nggrombol nglawan kawula; tiyang ingkang boten tepang kaliyan kawula, sami nenacad kawula tanpa kendel-kendel;

16anggenipun ngece kawula kados patrapipun tiyang dursila, klayan nggeget-nggeget untu dhateng kawula.

17Dhuh Pangeran, ngantos benjing punapa anggen Paduka namung mirsani kemawon? Nyawa kawula mugi Paduka luwari saking pangrisakipun tiyang-tiyang punika, sarta saking singa-singa enem!

18Kawula lajeng badhe ngidungaken panuwun dhateng Paduka wonten ing pasamuwan agung, Paduka badhe kawula luhuraken wonten ing satengahing rakyat kathah.

19Tiyang ingkang sami nyatru dhateng kawula tanpa sabab, punika sampun ngantos sami bingah-bingah ing bab kawula, tiyang-tiyang ingkang sami sengit dhumateng kawula tanpa sabab, sampun ngantos kedhap-kedhep mripat.

20Ingkang dipun rembag sanes karukunan, malah sami ngrancang pratingkah cidra kangge nglawan tiyang ing nagari ingkang gesangipun sami rukun.

21Punapa malih sami broak-braok ujaripun dhateng kawula; tembungipun: “Sokur, sokur, mripatku wus weruh!”

22Dhuh Yehuwah, Paduka ingkang sampun nguningani, mugi Paduka sampun kendel kemawon, dhuh Pangeran, mugi sampun ngantos nebihi kawula!

23Paduka mugi karsaa wungu lan karsaa jumeneng mbelani wewenang kawula, dhuh Allah kawula, lan Gusti kawula, Paduka mugi karsaa ngembani prakawis kawula.

24Dhuh Yehuwah Allah kawula, Paduka mugi karsaa ngadili kawula ingkang salaras kaliyan kaadilan Paduka, supados tiyang punika sampun ngantos sami bingah-bingah ing bab kawula!

25Sampun ngantos sami nggraita makaten: “Lah kaya mangkono kuwi kang padha dakkarepake.” Utawi ungelipun: “Saiki dheweke wis dakuntal!”

26Sami nandhanga wirang saha isin sesarengan, tiyang ingkang sami bingah-bingah margi saking sangsara kawula, tiyang ingkang sami methenthengi kawula, sami nandhanga wirang isin.

27Tiyang ingkang sami kepengin sumerep kawula dipun leresaken, punika kajengipun sami asurak-surak saha abingah-bingah! sarta tansah sami wicantena makaten: “Pangeran Yehuwah iku agung, kang ngarsakake rahayune abdine!”

28Wondene ilat kawula badhe nyariyosaken kaadilan Paduka, tuwin memuji Paduka ing sadinten muput.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 35 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel