Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 37 >> 

MASMUR 37; Kabegjane wong duraka iku kabegjan kang ora nyata

1Anggitane Prabu Dawud. Aja nepsu marga saka wong kang nglakoni piala, aja meri marang wong kang culika;

2amarga iku enggal bakal padha layu kaya suket, utawa alum kaya tetuwuhan kang ijo.

3Kumandela marang Pangeran Yehuwah lan nindakna kabecikan, tetepa pamanggonmu ana ing nagara sarta tumindaka kang setya,

4lan bungaha marga saka Sang Yehuwah, dadi kowe mesthi diparingi pepenginaning atimu.

5Uripmu pasrahna marang Pangeran Yehuwah sarta kumandela marang Panjenengane, Panjenengane kang bakal tumindak.

6Panjenengane bakal mbabarake kebeneran mau kaya pepadhang, sarta wewenangmu kaya raina.

7Kowe menenga ana ing ngarsane Sang Yehuwah lan nganti-antia marang Sang Yehuwah, aja nepsu marga wong kang sekolehan uripe, sarta marga saka wong kang nglakoni culika.

8Biraten nepsumu lan tinggalen panasing atimu iku, aja nepsu, iku mung nuntun marang panggawe ala.

9Amarga wong laku ala mesthi bakal katumpes, nanging wong kang nganti-anti marang Sang Yehuwah iku bakal padha oleh warisan bumi.

10Awit wektune mung kari sathithik, wong duraka nuli bakal sirna; sarta tilas panggonane bae yen kokgatekake iya wus ora ana maneh.

11Balik wong kang andhap-asor iku bakal padha oleh warisan bumi, sarta bakal bungah-bungah marga ngrasakake katentreman kang linuwih.

12Wong duraka nganam-anam pitenah nglawan wong mursid, sarta nggeget-nggeget untu ana ing ngarepe.

13Nanging digegujeng ing Pangeran, amarga Pangeran mirsa, yen dinane wong iku wus cedhak.

14Wong duraka padha ngunus pedhange lan menthang gandhewane arep mateni para wong kang sangsara lan mlarat, sarta kang jujur lakune.

15Nanging pedhange bakal mbalik lan nuwek awake dhewe, gandhewane padha pinutung.

16Sathithika kae barang darbeke wong mursid iku luwih becik katimbang karo mubra-mubrune wong duraka.

17Amarga tangane wong duraka bakal padha ditugel, nanging wong mursid iku dikukuhake dening Pangeran Yehuwah.

18Pangeran Yehuwah nupiksani dinane wong saleh, warisane bakal lestari ing salawase;

19ing dina karibedan ora bakal kawirangan, lan ing mangsa paceklik iya bakal kawaregan.

20Balik wong duraka mesthi bakal padha tumpes lan satrune Sang Yehuwah bakal padha sirna kaya kaendahane suket ing pangonan; padha sirna, padha sirna kayadene kukus.

21Wong duraka utang, nanging ora nyaur, balik wong mursid iku ambek welasan lan dhemen weweh.

22Wong kang binerkahan ing Pangeran iku padha oleh warisan bumi, nanging kang kena ing laknate iku padha ditumpes.

23Jangkahe wong dikukuhake dening Pangeran Yehuwah, anggere lakune wong mau dadi keparenge Pangeran;

24samangsa tiba ora nganti gumuling, amarga Pangeran Yehuwah nyepengi tangane.

25Wiwit aku isih enom nganti saiki wis tuwa, aku durung tau nyumurupi wong mursid kategakake, utawa anak-putune padha luru-luru pangan;

26saben dina nandukake kawelasan lan ngutangi, sarta anak-putune padha dadi berkah.

27Ngedohana marang piala sarta nglakonana kabecikan, temah pamanggonmu lestari ing salawas-lawase;

28amarga Sang Yehuwah nresnani kaadilan, lan ora bakal negakake marang para kang kinasihan. Malah padha direksa ing salawase, nanging para turune wong duraka padha ditumpes.

29Para wong mursid padha oleh warisan bumi lan tansah manggon ing kono.

30Cangkeme wong mursid iku medharake kawicaksanan, sarta ilate ngucapake kaadilan.

31Angger-anggering Allahe ana ing batine, lakune ora sleyoran.

32Wong duraka ndingkik marang wong mursid ngarah patine;

33nanging ora diulungake dening Sang Yehuwah marang ing tangane, Panjenengane ora bakal kendel bae samangsa dheweke diadili kaanggep duraka.

34Padha nganti-antia marang Pangeran Yehuwah, sarta lumakua ing margine, satemah kowe banjur kaangkat supaya oleh warisan bumi, sarta kowe bakal padha ndeleng para wong duraka tinumpes.

35Aku weruh sawijining wong duraka kang agung-gumunggung; kang mekar kaya wit eres ing Libanon.

36Nalika aku liwat, kok wus ora ana; dakgoleki nanging ora ketemu.

37Mara titenana mungguh wong mursid, lan delengen wong kang temen, awit wong kang ambek rukun iku kaanane bakal nyenengake ing tembe burine;

38balik wong mursal padha tinumpes bebarengan, sarta para wong duraka pangarep-arepe ing tembe bakal kasirnakake.

39Para wong mursid iku dipitulungi dening Sang Yehuwah; Panjenengane kang dadi pangayomane ing mangsa karubedan;

40bakal padha dipitulungi dening Sang Yehuwah sarta diluwari, padha diuwalake saka ing tangane para wong duraka lan dislametake, awit padha ngungsi marang ing Panjenengane.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 37 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel