Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 44 >> 

MASMUR 44; Pasambate bangsa kang katindhes

1Kanggo lurah pasindhen. Saka bani Korakh. Kidung piwulang. (44-2) Dhuh Allah, kawula sampun mireng piyambak, saking para leluhur kawula ingkang sami nyariyosi kawula, bab pakaryan ingkang sampun Paduka tindakaken kala jamanipun, inggih kala jaman kina.

2(44-3) Bangsa sanes sampun sami Paduka tundhung piyambak kalayan asta Paduka, nanging para leluhur sami Paduka tanem, suku-suku bangsa sami Paduka damel sangsara, nanging para leluhur sami paduka dadosaken tangkar-tumangkar.

3(44-4) Amargi boten sarana pedhang anggenipun sami ngejegi nagari, sanes tanganipun ingkang murugaken unggul, nanging asta Paduka tengen, bau Paduka saha cahyaning wadana Paduka, sabab sami damel rena Paduka.

4(44-5) Inggih Paduka piyambak punika ingkang jumeneng dados Raja saha Allah kawula, ingkang ndhawuhaken kaunggulanipun Yakub.

5(44-6) Kanthi pitulungan Paduka kawula saged ngrebahaken mengsah, sarta margi saking asma Paduka kawula saged ngiles-iles para tiyang ingkang nglawan kawula.

6(44-7) Amargi sanes panah kawula ingkang kawula andelaken, sanes pedhang kawula ingkang murugaken unggul,

7(44-8) nanging Paduka ingkang paring kaunggulan dhumateng kawula samangsa kawula nglawan mengsah, saha Paduka ingkang mirangaken tetiyang ingkang sami nyengiti kawula.

8(44-9) Awit saking Gusti Allah kawula sadinten muput sami ngrepekaken kidung pamuji, sarta asma Paduka sami kawula puji ing salaminipun. (Selah)

9(44-10) Nanging sapunika kawula sami Paduka kipataken sarta Paduka kendel kemawon, kawula sami kawirangan. Paduka boten miyos ngirid lampahing wadya-bala kawula.

10(44-11) Paduka damel mundur kawula saking ngajenganing mengsah kawula lan tiyang ingkang sami nyengiti kawula sami njejarah.

11(44-12) Kawula sami Paduka ulungaken kadosdene menda sembelehan, saha kawula sami Paduka sebar wonten ing antawisipun para bangsa.

12(44-13) Umat Paduka Paduka sade kanthi lelahanan sarta boten mundhut bathi saking pepajenganipun.

13(44-14) Kawula sami Paduka dadosaken cacadan tumrap ing tangga-tepalih kawula, kadamel gegujengan saha dipun wirang-wirangaken dening tiyang-tiyang ing sakiwa-tengen kawula.

14(44-15) Kawula Paduka dadosaken pocapan wonten ing antawisipun para bangsa, tuwin jalaranipun para suku bangsa sami gedheg-gedheg.

15(44-16) Sadinten muput kanisthan kawula wonten ing ngajeng kawula, sarta rai kawula kasasaban ing kawirangan,

16(44-17) awit saking tembung-tembungipun tiyang ingkang nenacad saha nyenyamah, wonten ing ngajenging mengsah saha tiyang ingkang ambek remen males awon.

17(44-18) Sadaya wau sampun dhumawah ing badan kawula, nanging kawula boten kesupen dhumateng Paduka, inggih boten cidra dhumateng prasetya Paduka.

18(44-19) Manah kawula sami boten mbangkang, saha lampah kawula sami boten nyleweng saking margi Paduka,

19(44-20) sanadyan Paduka sampun ngremuk kawula wonten ing tengahipun segawon ajag, saha Paduka nglimputi kawula kalayan pepeteng.

20(44-21) Saupami kawula sami kesupen dhateng asmanipun Gusti Allah kawula, lan ngegaraken tangan kawula dhumateng allah sanesipun,

21(44-22) punapa Gusti Allah boten badhe nitipriksa ingkang kados makaten punika? Amargi Pangeran rak boten kesamaran wewadosing manah?

22(44-23) Saestu, awit saking Paduka kawula sami wonten ing salebeting bebaya pejah ing saben dintenipun, saha kasamekaken kaliyan menda sembelehan.

23(44-24) Dhuh Gusti, mugi Paduka karsaa wungu, punapaa dene Paduka sare? Mugi Paduka karsaa wungu, sampun ngantos tansah ngipataken kawula.

24(44-25) Punapadene Paduka nasabi wadana Paduka, saha boten enget dhateng anggen kawula sami katindhes sarta kasiya-siya?

25(44-26) Dene nyawa kawula tumungkul ing lebu, badan kawula kelet ing siti.

26(44-27) Mugi Paduka karsaa jumeneng mitulungi kawula sadaya, sarta karsaa ngluwari kawula awit saking sih-piwelas Paduka.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 44 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel