Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 50 >> 

MASMUR 50; Pangabekti kang sejati

1Masmur anggitane Asaf. Kang Mahakawasa, yaiku Pangeran Yehuwah, ngandika sarta nimbali marang bumi, saka prenah pletheking surya tutug prenahe surupe.

2Saka ing Sion, sampurnaning kaendahan, Gusti Allah miyos ngagem kamulyan.

3Allah kita bakal rawuh lan ora kendel bae, ing ngarsane ana geni kang memangsa, ingayap ing prahara kang nggegirisi.

4Panjenengane nguwuh marang langit ing dhuwur, lan marang bumi prelu ngadili marang umate:

5“Para kekasihingSun padha kumpulna ana ing ngarsaningSun, kang padha gawe prajanjian kalawan Ingsun mawa saos kurban sembelehan!”

6Nuli langit mratelakake kaadilane, amarga Gusti Allah piyambak iku kang jumeneng Hakim. (Selah)

7“He umatingSun, padha ngrungokna, Ingsun karsa ngandika, he Israel, Ingsun ndhawuhake paseksen marang sira, Ingsun iki Allah, Allahira!

8Ingsun ora melehake sira marga saka kurbanira, amarga kurbanira obaran rak tansah ana ing ngarsaningSun?

9Ingsun ora susah mundhut sapi saka ing omahira utawa wedhus lanang saka ing kandhangira,

10amarga sarupaning kewan ing alas iku kagunganingSun, samono uga sato-kewan ewon kang ana ing gunung.

11Sakehing manuk ing awang-awang Ingsun wanuh, lan apa kang kumelip ana ing ara-ara iku Sunwengku.

12Manawa Ingsun kerapan, ora usah ngandika marang sira, amarga jagad saisine kabeh iku kagunganingSun.

13Apa Ingsun dhahar daginge sapi lanang, utawa ngunjuk getihing wedhus lanang?

14Ngaturna panuwun minangka kurban marang Gusti Allah, lan luwarana nadarmu marang Kang Mahaluhur!

15Ing dina karubedan sira padha nyebuta marang Ingsun, nuli Ingsun bakal mitulungi sira lan sira bakal ngluhurake Ingsun.” (Selah)

16Balik marang wong duraka Gusti Allah ngandika mangkene: “Sira kok kumawani niti-priksa pranataningSun, lan cangkemira kok ngrasani prajanjianingSun,

17mangka sira gething marang pameleh, sarta nyingkur marang pangandikaningSun.

18Manawa sira weruh maling, sira banjur dadi kancane, sarta sira tetunggalan karo wong laku bedhang.

19Cangkemira sira uja muni ala, sarta ilatira nganam-anam para cidra.

20Sira lelungguhan nyatur alaning sadulurira, lan anake embokira sira pitenah.

21Iya iku kang sira lakoni; nanging Ingsun kendel bae; panyananira Ingsun iki padha karo sira; sira mesthi Sunwelehake lan bab iki bakal Suncolok-colokake ana ing ngarepira.

22He sira kang padha nyingkur marang Gusti Allah, padha gatekna; supaya aja nganti Sunsempal-sempal, lan ora ana kang ngluwari.

23Sapa kang ngaturake pamuji minangka kurban, iku ngluhurake Ingsun; sapa kang jujur lakune, karahayon peparinge Gusti Allah bakal Suntedahake.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 50 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel