Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 51 >> 

MASMUR 51; Nalangsani dosa

1Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane Sang Prabu Dawud, (51-2) nalika Nabi Natan sowan, sawuse panjenengane sapasarean karo Batsyeba. (51-3) Dhuh Allah, kawula mugi Paduka welasi awit saking sih-kadarman Paduka, mugi karsaa nglebur dosa kawula awit saking gunging sih-kadarman Paduka.

2(51-4) Mugi kawula Paduka resiki babar pisan saking sakathahing dosa kawula, sarta dosa kawula mugi Paduka ruwat.

3(51-5) Amargi kawula ngrumaosi panerak kawula, saha dosa kawula tansah wonten ing ngajeng kawula.

4(51-6) Kawula damel dosa dhumateng Paduka, inggih namung dhumateng Paduka piyambak anggen kawula sampun damel dosa punika, sarta nglampahi ingkang Paduka galih awon, supados tetelaa bilih pancasan Paduka punika adil, saha patrap anggen Paduka ngadili punika resik.

5(51-7) Pancen saestu, anggen kawula kalairaken punika nandhang duraka, sarta biyung kawula ngandhut kawula ing salebeting dosa.

6(51-8) Pancen saestu, Paduka punika karenan dhateng kaleresan ing salebeting batos, kanthi kendel-kendelan Paduka paring sumerep bab kawicaksanan dhumateng kawula.

7(51-9) Dosa kawula mugi Paduka icali kalayan hisop, temah dados resik, kawula Paduka edusi temah dados pethak, nglangkungi salju!

8(51-10) Kawula pinarengana mireng kabingahan lan sukarena, saha balung ingkang sampun Paduka remuk, sageda surak-surak malih!

9(51-11) Paduka mugi karsaa ngaling-alingi wedana Paduka, sampun ngantos mirsa dosa kawula, saha kalepatan kawula mugi Paduka lebur sadaya.

10(51-12) Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa damel resiking manah kawula, sarta batos kawula mugi Paduka enggalaken klayan roh ingkang santosa.

11(51-13) Kawula mugi sampun ngantos Paduka bucal saking ngarsa Paduka, saha roh Paduka ingkang suci sampun ngantos kapundhut saking kawula.

12(51-14) Paduka mugi karsaa nggigah kabingahan kawula malih margi saking karahayon ingkang saking Paduka, saha kawula Paduka jangkepi klayan roh ingkang eklas!

13(51-15) Temahan kawula badhe mulangaken margi Paduka dhateng para tiyang ingkang lampahipun nasar, supados tiyang dosa sami mratobata dhuumateng Paduka.

14(51-16) Dhuh Allah, Allahipun karahayon kawula, Paduka mugi karsaa nguwalaken kawula saking anggen kawula kasambutan rah, temah ilat kawula badhe surak-surak martosaken kaadilan Paduka.

15(51-17) Dhuh Pangeran, Paduka mugi karsaa mbikak lambe kawula, supados cangkem kawula martosaken kidung pamuji konjuk dhumateng Paduka!

16(51-18) Awit Paduka boten ngarsakaken mundhut kurban sembelehan, kurban obaran Paduka inggih boten karsa.

17(51-19) Kurban sembelehan ingkang katarimah ing Gusti Allah punika manah ingkang rempu, manah ingkang pepes lan remuk, dhuh Allah punika boten Paduka galih asor.

18(51-20) Paduka mugi karsaa nandukaken kasaenan dhumateng Sion manut rilaning panggalih Paduka, saha karsaa mbangun balowartinipun Yerusalem!

19(51-21) Paduka nunten badhe karsa nampeni kurban ingkang leres, kurban obaran tuwin kurban ingkang kabesmi sadaya, lembu jaler lajeng badhe kakurbanaken wonten ing misbyah Paduka.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 51 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel