MASMUR 6; Pandonga sajrone ati ngolang-ngaling
1Kanggo lurah pasindhen binarung ing swaraning clempung. Manut lagu: Kang kawolu. Masmur anggitane Sang Prabu Dawud. (6-2) Dhuh Yehuwah, kawula mugi sampun Paduka ukum kalayan bebendu Paduka, mugi sampun Paduka perdi kalayan bramantya Paduka.
2(6-3) Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka welasi, awit kawula nglayung. Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka sarasaken, awit balung kawula sami gumeter,
3(6-4) lan nyawa kawula sanget kaget. Dene Paduka, dhuh Yehuwah, taksih sapinten dangunipun?
4(6-5) Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa wangsul, karsaa ngentas nyawa kawula, mugi karsaa ngluwari kawula awit saking sih-kadarman Paduka.
5(6-6) Awit ing salebetipun pejah boten wonten tiyang ingkang ngenget-enget dhumateng Paduka, wonten ing teleng palimengan sinten ingkang badhe memuji dhumateng Paduka?
6(6-7) Kawula sampun lesah margi saking pangesah kawula, ing saben dalu patileman kawula kebesan ing luh kawula, amben kawula kawula benani kalayan luh kawula.
7(6-8) Mripat kawula ngantos pendul margi saking sisah, sarta lamur jalaran kathahing tiyang ingkang ngrupeki manah kawula.
8(6-9) Heh wong kang padha gawe piala, sumingkira saka ing ngarepku, amarga Sang Yehuwah wus miyarsa tangisku.
9(6-10) Sang Yehuwah wus mireng panyuwunku, Sang Yehuwah nampeni pandongaku.
10(6-11) Sakehing satruku padha kawirangan sarta kaget banget, lan mundur sakal tuwin kawirangan kabeh.