Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 63 >> 

MASMUR 63; Kangen marang Gusti Allah

1Masmur anggitane Prabu Dawud, nalika ana ing pasamunan Yahuda. (63-2) Dhuh Allah, Paduka punika Allah kawula, kawula ngupadosi Paduka, nyawa kawula ngorong dhumateng Paduka; daging kawula kangen dhumateng Paduka; kados siti ingkang garing lan gundhul, kasatan toya.

2(63-3) Kados makaten anggen kawula tumenga dhumateng Paduka wonten ing pasucen, kalayan nyawang dhateng karosan saha kamulyan Paduka.

3(63-4) Amargi sih-kadarman Paduka langkung sae tinimbang gesang; lambe kawula badhe memuji asma Paduka.

4(63-5) Inggih makaten punika anggen kawula badhe ngluhuraken Paduka ing salaminipun kawula gesang, ngulukaken tangan kawula margi saking asma Paduka.

5(63-6) Nyawa kawula kados katuwukan ing gajih saha sungsum, kalayan lambe ingkang asurak-surak cangkem kawula ngaturaken pamuji.

6(63-7) Manawi kawula wonten ing patileman kengetan dhumateng Paduka, sadalu muput anggen kawula semedi dhumateng Paduka,

7(63-8) sayektosipun Paduka sampun dados pitulungan kawula, saha kawula saged surak-surak wonten ing aubing swiwi Paduka.

8(63-9) Nyawa kawula rumaket dhumateng Paduka, sarta asta tengen Paduka nyepengi kawula.

9(63-10) Nanging tiyang ingkang sami ngangkah dhateng nyawa kawula, sami dhawah ing telenging bumi;

10(63-11) sami badhe kaulungaken dhateng ing pangwaosing pedhang tuwin badhe dados mangsanipun segawon ajag.

11(63-12) Nanging Sang Prabu badhe suka-suka, amargi saking Gusti Allah; sok tiyanga ingkang supaos demi Gusti Allah, badhe nglairaken panggunggung amargi sadaya tiyang cidra sami kabungkem cangkemipun.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 63 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel