Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 67 >> 

MASMUR 67; Kidung panuwun marga sakehing berkah peparinge Gusti Allah

1Kanggo lurah pasindhen. Binarung swaraning clempung. Masmur. Kidungan. (67-2) Gusti Allah muga paring sih-rahmat lan berkah marang kita, Panjenengane muga karsaa nyunari kita kalawan wadanane, (Selah)

2(67-3) supados margi Paduka kasumerepan wonten ing bumi, saha karahayon peparing Paduka wonten ing satengahing bangsa sadaya.

3(67-4) Dhuh Allah, para bangsa mugi sami ngucapa sokur dhumateng Paduka; para bangsa mugi sami ngucap sokur dhumateng Paduka sadaya.

4(67-5) Para suku bangsa mugi sami sukarenaa, tuwin surak-suraka, amargi Paduka ngereh para bangsa kanthi adil, lan para suku bangsa ing salumahing bumi sami Paduka tuntun. (Selah)

5(67-6) Dhuh Allah, para bangsa mugi sami memujia dhumateng Paduka, Paduka pinujia dening sadaya bangsa.

6(67-7) Bumi wus menehake pametune, Gusti Allah, Allah kita mberkahi kita.

7(67-8) Gusti Allah mberkahi kita; salumahing bumi muga ngabektia marang Panjenengane.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 67 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel