MASMUR 70; Pandonga nyuwun pitulungan
1Kanggo lurah pasindhen. Anggitane Sang Prabu Dawud, nalika nyaosake kurban pengetan. (70-2) Dhuh Allah, mugi enggal karsaa ngluwari kawula, dhuh Yehuwah, mugi karsaa mitulungi kawula!
2(70-3) Tiyang ingkang ngangkah njabut nyawa kawula, mugi sami kawirangna saha klicutan; ingkang ngangkah damel bilai kawula, mugi sami kaundurna saha nandhanga wirang;
3(70-4) kajengipun mundur margi isin, ingkang sami mungel: “Sokur, sokur!”
4(70-5) Tiyang ingkang sami ngupadosi Paduka, sami bingah-bingaha lan sukarenaa sadaya; ingkang nresnani karahayon peparing Paduka, tansaha ngucap makaten: “Gusti Allah iku agung!”
5(70-6) Kawula punika sangsara lan mlarat, dhuh Allah, mugi karsaa enggal rawuh! Paduka punika ingkang mitulungi saha ngluwari kawula; dhuh Yehuwah, mugi sampun ngantos ngrandhataken rawuh Paduka!