Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 77 >> 

MASMUR 77; Pakaryane Gusti Allah kang wus kapungkur

1Kanggo lurah pasindhen. Miturut: Yedutun. Masmur anggitane Asaf. (77-2) Aku arep nyebut marang Gusti Allah kalawan swara sora, kalawan swara sora marang Gusti Allah, supaya midhangetake marang aku.

2(77-3) Ing dina karubedan aku ngupaya Pangeran; ing wayah bengi tanganku dakegarake, lan ora banjur kesel, nyawaku lumuh diarih-arih.

3(77-4) Manawa aku ngangen-angen marang Allah, banjur ngadhuh-adhuh, manawa dakrasak-rasakake, nyawaku saya lungkrah lesu. (Selah)

4(77-5) Paduka damel mripat kawula tansah kelop-kelop; kawula semplah, temah boten saged wicanten.

5(77-6) Kawula manah-manah dhateng lelampahan nalika jaman kina; kawula kengetan taun-taun ingkang sampun kapengker.

6(77-7) Ing wanci dalu kawula ngenam-enam salebeting manah, kawula nggagas-nggagas tuwin nyawa kawula nlusur-nlusur:

7(77-8) “Pangeran apa iya nampik ing salawase, lan apa ora bakal paring sih-piwelas maneh?

8(77-9) Sih-susetyane apa wus sirna ing sabanjure, prasetyane apa wus tumeka ing pungkasane nganti turun-tumurun?

9(77-10) Gusti Allah apa wus kesupen marang ing pangemane, sih-piwelase apa kapunggel marga saka bebendune?” (Selah)

10(77-11) Ing kono pangucapku: “Iki kang nuwek atiku, dene astane tengen Kang Mahaluhur wis owah!”

11(77-12) Aku bakal ngeling-eling pakaryan-pakaryane Pangeran Yehuwah, inggih, kawula badhe ngengeti kaelokan Paduka kala jaman kina.

12(77-13) Kawula badhe nyebut sakathahing pakaryan Paduka, sarta badhe manah dhateng saliring pandamel Paduka.

13(77-14) Dhuh Allah, margi Paduka punika suci! Allah ingkang pundi ingkang agung kados Allah kawula sadaya?

14(77-15) Paduka punika Gusti Allah ingkang nindakaken kaelokan; Paduka sampun nglairaken pangwaos Paduka wonten ing tengahipun para bangsa.

15(77-16) Umat Paduka, tedhak turunipun Rama Yakub tuwin Rama Yusuf, sampun Paduka tebus klayan asta Paduka. (Selah)

16(77-17) Dhuh Allah, toya-toya sampun sami ningali Paduka, toya-toya sampun sami ningali Paduka saha sami gumeter, malah samodra agung inggih ndhredheg.

17(77-18) Mendhung nggrojogaken toya, gumuruh swaraning mega mawarni-warni, malah jemparing Paduka sami pating clorot.

18(77-19) Swaraning gludhug Paduka gumledheg, kilat-kilat sami madhangi jagad, bumi geter saha gonjang-ganjing.

19(77-20) Margi Paduka nglangkungi saganten, sarta lurung Paduka nglangkungi nginggiling toya ingkang wiyar, nanging tapak tilas Paduka boten katingal.

20(77-21) Paduka sampun ngirid umat Paduka kados nggiring menda apanthan, lumantar Nabi Musa lan Imam Harun.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 77 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel