MASMUR 8; Manungsa kang asor dadi titah kang luhur
1Kanggo lelurahing pasindhen. Manut lagu: Gitit. Masmur anggitane Sang Prabu Dawud. (8-2) Dhuh Yehuwah, Gusti kawula, iba mulyanipun asma Paduka wonten ing salumahing bumi, kamulyan Paduka ingkang ngungkuli langit kakidungaken.
2(8-3) Sarana cangkemipun bayi-bayi lan manungsa. Paduka sampun nalesi kakiyatan margi saking lawanan Paduka, supados mbungkem mengsah tuwin tiyang ingkang watek remen males piawon.
3(8-4) Manawi kawula ningali langit pakaryanipun asta Paduka, punapa dene rembulan saha lintang-lintang ingkang sampun Paduka tata,
4(8-5) manungsa punika punapa ta, dene Paduka engeti? Punapa ta anaking manungsa punika, dene Paduka galih?
5(8-6) Ewadene Paduka dadosaken langkung andhap sakedhik katimbang kaliyan titah ing swarga, sarta Paduka makuthani kalayan kaluhuran saha kamulyan.
6(8-7) Paduka kuwaosaken mengku yeyasaning asta Paduka, samukawis sadaya Paduka paringaken wonten ing sangandhaping tlapakanipun:
7(8-8) sakathahipun menda tuwin lembu, ugi sato-kewan ing ara-ara,
8(8-9) peksi ing awang-awang saha ulam ing saganten, saha samukawis ingkang langkung ing margining saganten.
9(8-10) Dhuh Yehuwah, Gusti kawula, iba mulyanipun asma Paduka wonten ing salumahing bumi.