MASMUR 81; Kidungan nalika nganyarake prajanjian
1Kanggo lurah pasindhen. Miturut lagu: Gitit. Anggitane Asaf. (81-2) Padha surak-suraka kagem Gusti Allah, kang dadi kasantosan kita, padha surak-suraka kagem Gusti Allahe Rama Yakub.
2(81-3) Padha ngidunga karo trebangan lan clempungan, kang laras binarung swaraning slukat.
3(81-4) Ngunekna kalasangka ing tanggal sapisan, ing tanggal purnama ing dina riyaya kita.
4(81-5) Amarga bab iku dadi pranatan tumrap bangsa Israel, sarta dadi angger-angger saka Gusti Allahe Rama Yakub.
5(81-6) Kang pinacak dadi pepakon marang Rama Yusuf, nalika Gusti Allah miyos nglurugi tanah Mesir. Aku krungu bangsa kang aku durung tau weruh.
6(81-7) “Pundhake wus Sunuwalake saka anggone memikul, sarta tangane saka ing kranjanging pikulan;
7(81-8) sajroning karubedan sira padha sesambat, Ingsun banjur ngentasake sira, Ingsun nyembadani panyuwunira saka ing pasingidaning gludhug, Ingsun wus nyoba marang sira ana ing sacedhake banyu Meriba. (Selah)
8(81-9) He para umatingSun padha ngrungokna, Ingsun arsa paring pepenget marang sira; he Israel, manawa sira gelem ngrungokake marang dhawuhingSun.
9(81-10) Ing tengahira aja ana allah liyane, sira aja sujud marang allah ngamanca.
10(81-11) Iya Ingsun iki Yehuwah Allahira, kang ngluwari sira saka ing tanah Mesir, cangkemira angapna kang amba, nuli bakal Sunkebaki.
11(81-12) Nanging umatingSun ora ngrungokake marang swaraningSun, sarta Israel ora seneng marang Ingsun.
12(81-13) Mulane banjur Suntogake atine kang wangkot iku, cikben padha nglakoni sakarepe dhewe.
13(81-14) Ah, saupama umatingSun ngrungokake marang dhawuhingSun, saupama Israel ngambah ing dalan pitedahingSun.
14(81-15) Sanalika iku uga mungsuhe mesthi Suntelukake, sarta mungsuhe padha ngrasakake antebing astaningSun.
15(81-16) Para wong kang sengit marang Pangeran Yehuwah, bakal nyembah ndilat sampeyane, lan iki wis dadi nasibe ing salawas-lawase.
16(81-17) Nanging umatingSun bakal Sunparingi mangan gandum kang becik dhewe malah bakal padha Sunwaregi kalawan madu saka ing parang.”