Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 88 >> 

MASMUR 88; Pandonga nalika lara banget

1Kidungan. Masmur anggitane bani Korakh. Kanggo lurah pasindhen, miturut lagu: Mahalat Leanot. Kidung piwulange Heman, wong Ezrahi. (88-2) Dhuh Yehuwah, Allah ingkang ngluwari kawula ing wanci siyang kawula sesambat, ing wanci dalu kawula sowan wonten ing ngarsa Paduka.

2(88-3) Pandonga kawula mugi sumengkaa dhateng ing ngarsa Paduka, Paduka mugi karsaa nilingaken dhateng pasambat kawula.

3(88-4) Amargi nyawa kawula tuwuk ing kasisahan, lan gesang kawula sampun celak kaliyan jagadipun tiyang pejah.

4(88-5) Kawula sampun kagolongaken para tiyang ingkang mandhap dhateng ing kubur, sarta kados tiyang ingkang tanpa daya.

5(88-6) Kawula kedah amor kaliyan para tiyang pejah, kados tiyang ingkang sami pejah margi dipun pejahi, gumlethak wonten ing kubur, ingkang boten Paduka engeti malih, amargi sampun sami kapethal saking panguwaos Paduka.

6(88-7) Kawula sampun Paduka selehaken wonten ing luwangan kuburan ingkang ngandhap piyambak ing salebeting pepeteng, ing papan ingkang lebet.

7(88-8) Kawula kapetek dening bentering bebendu Paduka, sampun kebyukan ing muncrating alun Paduka sadaya. (Selah)

8(88-9) Pitepangan kawula sadaya sampun sami Paduka tebihaken saking kawula, kawula sampun Paduka damel pangewan-ewan kangge tiyang-tiyang wau, kawula kinungkung boten saged medal.

9(88-10) Mripat kawula ngerong margi nandhang kasangsaran. Dhuh Yehuwah, kawula sampun sesambat dhumateng Paduka ing sadinten muput sarta sampun ngathungaken tangan kawula dhumateng Paduka.

10(88-11) Paduka punapa badhe nindakaken kaelokan kangge tiyang ingkang sami pejah? Arwah punapa badhe tangi, saha ngunjukaken panuwun dhumateng Paduka? (Selah)

11(88-12) Sih-kadarman Paduka punapa saged kacariyosaken wonten ing kubur, tuwin kasetyan Paduka wonten ing paleburan?

12(88-13) Kaelokan-kaelokan Paduka punapa saged kasumerepan wonten ing palimengan, tuwin kaadilan Paduka wonten ing nagarinipun sadaya kekilapan?

13(88-14) Nanging, dhuh Yehuwah, kawula punika sesambat dhumateng Paduka, ing wanci enjing Paduka kawula pethukaken kaliyan pandonga kawula.

14(88-15) Dhuh Yehuwah, punapaa dene kawula Paduka sebrataken, saha wadana Paduka Paduka engokaken saking kawula?

15(88-16) Wiwit alit mila kawula katindhes tuwin kaancam ing pejah, kawula sampun nyanggi pagiris ingkang saking Paduka, kawula rumaos tanpa pangajeng-ajeng.

16(88-17) Kawula katempuh ing bentering bebendu Paduka, saha kabungkem dening pagiris Paduka.

17(88-18) Punika ing sadinten muput nglimputi kawula kados toya, ngantos kemput anggen kawula kinepang.

18(88-19) Mitra tuwin kanca Paduka tebihaken saking kawula, namung pepeteng ingkang dados pitepangan kawula.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 88 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel