Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 90 >> 

Jilid IV: MASMUR 90--106; Gusti Allah, papan pangauban kang langgeng

1Pandongane Nabi Musa, abdine Allah. Dhuh Pangeran, Paduka punika dados pangungsen kawula turun-tumurun.

2Saderengipun redi-redi kalairaken, sarta saderengipun Paduka nitahaken bumi lan jagad, wiwit kalanggengan dumugi kalanggengan Paduka punika jumeneng Allah.

3Paduka mangsulaken manungsa dados lebu, lan dhawuh: “He para anaking manungsa, padha balia!”

4Amargi sewu taun punika wonten ing paningal Paduka, sami kados dinten wingi sasampunipun kapengker, inggih sami kados giliraning jagi ing wanci dalu.

5Manungsa Paduka kentiraken; sami kados ngimpi, kados tuwuhing rumput.

6Ing wanci enjing sekar saha seger tuwuhipun, sontenipun sampun lesah lajeng alum.

7Saestu, kawula sami sirna margi saking bebendu Paduka, saha kadhawahan giris awit saking bramantya Paduka.

8Kalepatana kawula sadaya Paduka beber wonten ing ngarsa Paduka, tuwin piawon kawula ingkang samar wonten ing padhanging cahyanipun wedana Paduka.

9Saestu dinten kawula sadaya sami mengker margi saking bendu Paduka, taun-taun kawula kawula telasaken kadosdene sesambat.

10Laminipun gesang kawula sadaya punika pitung dasa taun, dene manawi kawula sami kiyat, wolung dasa taun, saha ingkang dipun gung-gungaken punika anggenipun nandhang rekaos lan sangsara, amargi lampahipun rikat sanget saha kawula sami kabur sirna.

11Sinten ingkang sumerep karosaning bebendu Paduka, saha ajrih dhateng anggen Paduka duka?

12Kawula mugi sami Paduka wulang ngetang dinten kawula ing saleresipun, supados sageda sami angsal manah ingkang wicaksana.

13Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa wangsul, -- ngantos benjing punapa? -- saha mugi karsaa melasi dhateng para abdi Paduka.

14Mugi ing wanci enjing kawula sami Paduka tuwuki ing sih-susetya Paduka temah kawula lajeng sami surak-surak lan bingah-bingah salami kawula gesang.

15Kawula mugi sami Paduka paringi kabingahan ingkang satimbang kaliyan dangunipun dinten-dinten anggen Paduka ngganjar karibedan, sarta satimbang kaliyan dangunipun taun-taun anggen kawula ngraosaken cilaka.

16Pakaryan Paduka mugi sageda tiningalan dening para abdi Paduka, saha kamulyan Paduka dening anak-anakipun.

17Kamirahaning Pangeran Allah kawula, mugi ngayomana kawula, saha Paduka mugi karsaa nyantosakaken pandameling tangan kawula sadaya, inggih pandameling tangan kawula sadaya punika mugi kasantosakna.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 90 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel