Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 97 >> 

MASMUR 97; Yehuwah iku Raja

1Pangeran Yehuwah iku Raja, salumahing bumi kareben surak-surak, pulo-pulo kareben akeh kang padha sukarena!

2Panjenengane kubengan ing mega lan pepeteng, kaadilan lan angger-angger kang dadi tetalesing dhampare.

3Geni lumaku ana ing ngarsane, lan nggesengake satrune ing sakiwa-tengene.

4Kilate padha madhangi jagad, bumi ndeleng temah gumeter.

5Gunung-gunung padha ajer prasasat malam ana ing ngarsaning Sang Yehuwah, ana ing ngarsane Gustine salumahing bumi.

6Langit martakake kaadilane, lan sakehing bangsa padha nyawang kaluhurane.

7Sarupaning wong kang ngabekti marang reca bakal padha nandhang wirang, wong kang padha gumunggung marga saka brahala-brahala; sakehing allah padha sujud nyembah marang Panjenengane.

8Sion mireng wartosipun, temah bingah, sarta para putrinipun Yahuda sami surak-surak, margi saking paukuman Paduka, dhuh Yehuwah.

9Awit Paduka punika, dhuh Yehuwah, Ingkang Mahaluhur, ingkang mengku salumahing bumi, Paduka linuhuraken sanget nglangkungi sakathahipun allah.

10He wong kang padha tresna marang Sang Yehuwah padha sengita marang piala! Panjenengane kang ngreksa nyawane para wong kang kinasihan, bakal ngluwari wong-wong iku saka ing tangane para wong duraka.

11Pepadhang wus sumunar tumrap para wong mursid, lan kabungahan tumrap para wong kang burus atine.

12He para wong mursid, padha bungah-bungaha marga saka Pangeran Yehuwah, lan ngrepekna kidung pamuji sokur kagem asmane kang suci.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 97 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel