Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Nahum 3 >> 

Paukuman tumrap Niniwe

1Bilai kutha kang ngwutahake getih iku! Samubarang kabehe mung cidra thok, lan kebak panjarah-rayah, lan ora leren-leren anggone ndedekep?

2Rungokna cumethering pecut lan gumledheging rodha, rungokna playuning jaran kang pating kethoplak lan gumenjoting kreta-kreta!

3Bala jaranan nempuh pedhange cumleret lan tumbake gumebyar! Akeh kang padha mati, jisim tumpukundhung, tanpa wilangan cacahe jisim, wong-wong nganti padha kesandhung ing jisim!

4Iku kabeh marga saka akehe pasundelan kang katindakake dening wong wadon tuna-susila, kang endah warnane lan ahli sihir, kang ngloropake bangsa-bangsa srana anggone laku jina, lan golongan-golongan srana sihire.

5Pangandikane Pangeran Yehuwah Gustining sarwa dumadi: “Lah Ingsun bakal nglawan marang sira, pojoking jaritira bakal Sunlingkabake nganti tekan ing rainira, sarta bakal mitontonake wewadinira marang bangsa-bangsa, lan kawiranganira marang karajan-karajan.

6Ingsun bakal ngebyuki sesuker marang sira, sira bakal Sunanggep remeh lan Sundadekake tontonan.

7Nuli sakehe wong kang ndeleng sira, bakal lumayu ninggal sira, kalawan ngucap: “Niniwe wus rusak! Sapa kang mesakake marang dheweke? Saka ngendi anggonku oleh juru-panglipur kanggo dheweke?”

8Apa sira kinacek karo Tebe, kuthaning Dewa Amon, kang ana ing sacedhake bengawan Nil kang kinubengan ing banyu, kang baluwartine sagara, lan betenge banyu?

9Etiopia iku dadi sumbering kakuwatane, uga Mesir, kalawan tanpa wates; Put sarta para wong Libia padha dadi pambantune.

10Nanging iku dhewe uga kapeksa kaparakake menyang ing pambuwangan, kapeksa padha lumebu ing tawanan. Bayi-bayine padha dikeplekake ana ing pojoking sakehe lelurung, para wong kang kajen keringan padha kaundhi, lan para panggedhene padha kablenggu kabeh nganggo rante.

11Sira uga bakal mendem, lan bakal padha tanpa daya; sira uga bakal ngupaya papan pangungsen marga saka ananing mungsuh.

12Sakehe betengira iku kaya wit anjir kang wohe mateng kedadak; samangsa dierog, wohe nibani cangkeme wong kang arep mangan.

13Lah, bala kang ana ing satengahira iku wadon-wadon; mungsuhira padha kawenganan ing gapurane nagaranira nganti njeblag, slarake padha kamangsa ing geni nganti entek.

14Padha ngangsua banyu, kanggo cepakan samangsa dikepung, betengira padha santosanana! Ngidaka blethok, ngidaka lempung, gondhelana cithakan bata!

15Sira bakal entek kamangsa ing geni ana ing kana, bakal katumpes ing pedhang, kang mangsa sira kaya walang lumpatan. Sanadyan cacahira akeh kaya walang lumpatan, lan kaya walang alih-alihan,

16sanadyan wongira dagang sira dadekake akeh ngluwihi lintang-lintang ing langit pisan, wong-wong iku bakal padha kaya walang lumpatan kang ngegarake swiwine nuli mabur nggeblas.

17Sanadyan wongira kang padha jaga cacahe kaya walang alihan lan para punggawanira kaya walang grombolan kang padha mencok ing tembok-tembok ing mangsa atis, nanging bareng srengenge mlethek, banjur padha ngilang, ora kasumurupan panggonane.

18He, raja ing nagara Asyur, cilaka sira! Para pangonira wus padha turu kepati! Para pangarepira padha keturon, wadya-balanira padha pating slebar ana ing gunung-gunung, lan ora ana kang nglumpukake.

19Cacadira iku ora ana tambane, lan tatunira wus ora bisa mari, sakehe wong kang krungu bab kaananira, padha keplok-keplok marga saka sira iku, awit sapa bae kang ora ketaman ing pialanira terus-terusan?


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Nahum 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel