Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Pengkhotbah 4 >> 

1Aku nyumurupi maneh sakehing panindhes kang kalakon ana ing sangisoring langit, lan eluhe para wong kang katindhes mangka ora ana kang nglipur, amarga kang nindhes iku padha kadunungan pangwasa.

2Awit saka iku wong mati kang wus suwe anggone ngajal iku dakanggep padha luwih begja katimbang karo wong kang padha urip, kang saiki isih padha urip.

3Nanging kang luwih begja tinimbang karo sakaro-karone iku -- manut panganggepku -- yaiku wong kang durung ana, kang durung nyumurupi panggawe ala, kang kelakon ana ing sangisoring langit.

4Lan aku sumurup, manawa sakehing kangelan lan sakehing kabisan ing bab nindakake pagawean iku yaiku meri marang wong liya. Iku uga bab kang tanpa guna lan ateges mburu angin.

5Wong kang bodho sedhakep lan mangan daginge dhewe.

6Katentreman sagegem iku luwih becik tinimbang karo kangelan rong gegem lan ngudi mburu angin.

Bab-bab kang tanpa guna ing sajroning urip

7Aku nyumurupi maneh bab-bab kang tanpa paedah ana ing sangisoring langit:

8ana wong kang mung ijen, ora duwe anak lanang utawa sadulur lanang, lan ora leren-leren anggone nglakoni kangelan, mripate iya ora bisa wareg ndeleng kasugihan; -- kanggo sapa anggonku nglakoni kangelan lan nampik kasenengan? -- Iku uga bab kang tanpa paedah lan kang marakake susah.

9Wong loro iku luwih prayoga tinimbang karo wong siji, awit iku padha tampa pituwas kang becik tumrap kangelane.

10Amarga manawa padha tiba, kang siji banjur nangekake sijine, nanging cilaka wong kang ijen manawa tiba, awit ora ana wong liyane kang nangekake.

11Uga manawa wong loro padha turu, banjur padha dadi anget, nanging manawa ijen kapriye bisane dadi anget?

12Lan manawa wong ijen bisa dikalahake, wong loro bakal bisa nanggulangi. Tapi telu ora gampang dipedhot.

13Wong anom kang miskin nanging kadunungan kawicaksanan iku luwih becik katimbang karo ratu sepuh kang bodho, kang puguh diemutake.

14Awit wong anom mau metu saka ing pakunjaran banjur dadi ratu, sanadyan laire ana ing sajroning kamlaratan nalika kang sepuh mau ngasta paprentahan.

15Aku nyumurupi kabeh wong kang ana ing sangisoring langit iki padha lumaku bebarengan karo wong anom kang bakal nggenteni ratu mau.

16Tanpa wilangan kehe wong kang padha dipimpin, nanging wong kang sawuse iku padha teka, ora padha seneng marang panjenengane. Awit saka iku iki uga tanpa paedah lan ateges mburu angin.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Pengkhotbah 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel