Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Pengkhotbah 8 >> 

1Sapa ta kang madhani wong wicaksana? Lan sapa kang sumurup marang katranganing saben prakara? Kawicaksananing manungsa ndadekake sumoroting raine lan gawe lilihing serenge ulate.

Sanadyan kadadean-kadadean katon cengkah, nanging pangadilaning Allah mesthi tumindak

2Mbangun-mituruta marang dhawuhing ratu demi sumpahmu marang Gusti Allah.

3Aja kesusu mundur saka ing ngarsane; aja mreduli marang prakara kang ala, amarga panjenengane nindakake apa kang dikarsakake.

4Awit pangandikaning ratu iku kwasa; sapa ta kang bakal munjuk ana ing ngarsane: “Panjenengan dalem nglampahi punapa?”

5Sing sapa mbangun-miturut marang dhawuh, ora bakal ngalami prakara kang gawe cilaka, lan atine wong wicaksana nyumurupi wancining pangadilan,

6amarga samubarang kabeh iku ana wektune pangadilan, lan piwulanging manungsa iku metek marang awake.

7Sanyata, manungsa iku ora sumurup apa kang bakal kelakon, awit sapa ta kang nyumurupake kapriye bakal kelakone?

8Ora ana wong kang bisa nyandhet angin, lan ora ana wong kang bisa ngwasani dinaning pati. Perang iku ora ana lerene, tuwin duraka iku ora bakal ngeculake kang nglakoni.

9Iku kabeh wus daksumurupi, sarta aku nggatekake sakehing panggawe kang kalakonan ana ing sangisoring langit, nalika wong kang siji ngwasani sijine ndadekake cilakane.

10Aku uga sumurup wong duraka kang bakal padha dikubur kena lumebu, mangka wong kang lakune bener padha kapeksa ninggal panggonan kang suci lan kang ana ing kutha kono wus ora ana wong kang kelingan. Iki uga tanpa paedah.

11Sarehne paukuman tumrap panggawe ala ora enggal-enggal kaetrapake, atining manungsa banjur kebak kekarepan ala.

12Sanadyan wong dosa lan kang nglakoni piala ping satus dawa umure, nanging aku sumurup, manawa wong kang wedi marang Gusti Allah iku bakal oleh kaslametan, amarga padha wedi marang pangayunane.

13Nanging wong duraka ora bakal oleh kaslametan lan kayadene ayang-ayangan, ora bakal dawa umure, amarga ora wedi marang pangayunaning Allah.

14Ana sawijining prakara kang tanpa paedah kang kelakon ana ing bumi: ana wong mursid kang padha tanpa pituwas kang pantese kanggo wong duraka, lan ana wong duraka kang padha tanpa ganjaran kang pantese kanggo wong mursid. Aku kandha: “Iki iya tanpa guna!”

15Awit saka iku aku ngalembana marang kabungahan, amarga ora ana kabegjan liyane tumraping manungsa ana ing sangisoring langit iki kajaba mangan lan ngombe tuwin seneng-seneng. Iku kang dadi kanthine ing sajroning kangelane ing salawase uripe, kang diparingake dening Gusti Allah ana ing sangisoring langit iki.

16Nalika aku ngudi bisane nyumurupi kawicaksanan lan ndeleng ributing manungsa ing bumi anggone nindakake pagawean rina wengi tanpa ngliyep,

17tumraping aku banjur cetha, manawa manungsa ora bisa nyumurupi sakehe pakaryaning Allah, kang dilampahi ana ing sangisoring langit. Sanadyan kapriye bae manungsa anggone ngupaya kalawan kangelan, ewasamono ora bakal bisa sumurup. Sanadyan wong wicaksana pratela, yen bisa nyumurupi, nanging lugune ora bisa nyumurupi.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Pengkhotbah 8 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel