Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Rut 1 >> 

Rut lan Naomi

1Nalika jumenenge para hakim tanah Israel nuju kambah ing pailan. Banjur ana sawijining wong ing Betlehem- Yehuda kang lunga neneka ana ing ngarene tanah Moab karo somahe lan anake lanang loro.

2Wong mau jenenge Elimelekh, somahe jenenge Naomi lan anake loro jenenge Makhlon lan Khilyon, padha wong Efrata, saka ing Betlehem -- Yehuda; satekane ing tlatah Moab, banjur padha manggon ana ing kono.

3Wasana Elimelekh, somahe Naomi tinggal donya, dadi Naomi kari karo anake loro.

4Anake loro mau padha omah-omah oleh wong Moab, jenenge kang siji Orpa, sijine Rut; pamanggone ana ing kono suwene watara sepuluh taun.

5Makhlon lan Khilyon sakarone uga padha tinggal donya, dadine wong wadon iku kelangan anake loro lan bojone.

6Naomi nuli mangkat kanthi mantune arep mulih saka ing tanah Moab, amarga ing tanah Moab kono dheweke oleh warta, yen Sang Yehuwah wus nuweni umate kalawan diparingi pangan.

7Naomi banjur budhal saka papan padunungane, kairingake mantune karo pisan. Bareng ana ing dedalan arep mulih menyang tanah Yehuda,

8Naomi nuli kandha marang mantune karo mau: “Wis padha balia mulih menyang omahe mbokmu dhewe-dhewe, Sang Yehuwah muga maringana kadarman marang kowe dikaya kang wis dadi panggawemu marang kang wis padha tinggal donya lan marang aku;

9Sang Yehuwah muga maringana sih-kamurahan, kowe padha oleh pangayoman siji-sijimu ana ing pamengkuning somah.” Mantune nuli padha diambungi, nanging banjur padha nangis sora

10karo matur: “Boten, kula sami badhe ndherek panjenengan kondur murugi bangsa panjenengan.”

11Nanging Naomi calathu: “Padha muliha bae, dhuh anak-anakku, perlune apa kowe padha melu aku? Aku rak wis ora bakal duwe anak lanang maneh, kang lair saka guwa-garbaku lan banjur dadi bojomu?

12Padha muliha bae, dhuh anak-anakku, wis padha mangkata, aku rak wis ketuwan kanggo omah-omah. Saupama aku mosika: aku isih duwe pangarep-arep, malah sanadyan mengko bengi aku duwe bojo,

13lan nganti nglairake anak lanang pisan, apa iya kena kok enteni nganti tumeka ing diwasane? Apa iya marga saka iku kowe nahan-nahanake padha ora omah-omah? Aja kaya mangkono ta, dhuh anak-anakku! Kang dakrasakake iki rak luwih pait banget katimbang karo kowe, dene astane Sang Yehuwah nganti tumempuh marang aku kaya mangkene.”

14Mantune tumuli padha nangis maneh kalawan swara sora, Orpa banjur ngambung maratuwane lan pamitan, nanging Rut kang isih nggondheli dheweke.

15Naomi tumuli calathu: “Lah kuwi pripeanmu wis bali ngulihi bangsane lan para allahe, bok kowe iya bali melu pripeanmu!”

16Nanging ature Rut: “Kula sampun panjenengan peksa nilar panjenengan lajeng mantuk, boten ndherek panjenengan, awit dhatenga pundi kemawon purug panjenengan, kula inggih badhe ndherekaken, sarta wontena ing pundi kemawon anggen panjenengan nyare, kula inggih badhe ndherek sipeng. Bangsa panjenengan inggih bangsa kula, sarta Gusti Allah panjenengan inggih Gusti Allah kula;

17wontena pundi kemawon anggen panjenengan seda, kula inggih badhe ndherek pejah wonten ing ngriku, sarta wonten ing ngriku anggen kula kakubur. Pangeran Yehuwah mugi maringana paukuman dhateng kula, malah langkung saking punika, saupami kula ngantosa pisah kaliyan panjenengan, kejawi manawi pejah.”

18Bareng Naomi weruh yen wis kenceng niyate Rut nedya arep melu, banjur kandheg anggone ngandhani.

19Lan sakarone nuli padha mbanjurake lakune nganti tekan ing Betlehem. Bareng padha lumebu ing Betlehem, wong sakutha kabeh padha gumeder rame marga saka wong loro iku lan para wong wadon padha ngucap: “Apa iku Naomi?”

20Nanging calathune Naomi marang wong-wong mau: “aku bok aja kokarani Naomi, aranana Mara, amarga kang Mahakuwasa ngganjar pait-getir marang aku.

21Lungaku kalawan mubra-mubru, nanging baliku wus didamel legeh dening Sang Yehuwah. Yagene aku kokarani Naomi, dene Sang Yehuwah wus dadi seksi nglawan aku lan kang Mahakuwasa wus ndhatengake cilaka marang aku.”

22Kaya mangkono ulihe Naomi karo Rut wong Moab, mantune, kang melu bali saka ing tanah Moab. Lan tekane ig Betlehem pinuju ing mangsa wiwitane panen sair.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Rut 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel