Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Wahyu 10 >> 

Kitab kawudharan

1Aku tumuli weruh malaekat liyane kang prakosa tumedhak saka ing swarga, asingep mega, lan ing sadhuwuring mustakane ana kluwunge, wedanane kaya srengenge, sampeyane kaya tugu geni.

2Astane nyepeng gulungan kitab cilik wudharan. Sampeyane kang tengen tumapak ing sagara, lan kang kiwa ing dharatan.

3Malaekat mau nguwuh kalawan swara seru kaya panggeroning singa. Sawuse iku nguwuh, ngludhug pitu banjur padha nyuwara.

4Lan sawuse gludhug pitu mau padha ngucap, iku banjur arep dakcatheti, nanging aku nuli krungu swara saka ing swarga kang ngandika: “Apa kang diucapake dening gludhug pitu iku mau sira segela, aja sira tulis!”

5Malaekat kang dakdeleng jumeneng ana ing sagara lan ing dharatan mau, tumuli ngangkat astane tengen marang langit,

6sarta banjur supaos demi Panjenengane kang gesang langgeng salawas-lawase, kang wus nitahake langit saisine, lan bumi saisine, tuwin sagara saisine: “Ora bakal kaundur maneh!

7Nanging samangsa unine kalasangkane malaekat kang kapitu keprungu, yaiku manawa malaekat iku ngungelake kalasangkane, bakal kayektenan kekeraning Allah, kaya kang wis kawartosake marang para abdine, yaiku para nabi.”

8Swara kang wus dakrungu saka ing langit mau, tumuli ngandika maneh marang aku mangkene: “Majua, kitab wudharan kang ana ing tangane malaekat, kang ngadeg ana ing sagara lan ing dharatan iku tampanana.”

9Aku banjur marani malaekat mau sarta nyuwun, supaya gulungan kitab iku kaparingna marang aku. Dhawuhe marang aku: “Tampanana, lan panganen; iki bakal marakake wetengmu pait, nanging ana ing cangkemmu rasane legi kaya madu.”

10Aku tumuli nampani kitabe saka ing astane malaekat mau, banjur dakpangan: ana ing cangkemku rasane legi kaya madu, nanging sawuse dakpangan, wetengku krasa pait.

11Tumuli aku dipangandikani mangkene: “Kowe kudu medhar wangsit maneh marang para bangsa lan umat tuwin basa sarta para ratu.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

Download Audio MP3 (Wahyu 10):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  Wahyu 10 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel