Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 47 >> 

Tumrap wong Filisti

1Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia tumrap bangsa Filisti, sadurunge Sang Pringon nelukake Gaza.

2“Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Lah banyu kang mbludag ngamuk saka lor dadi kali kang banjir ngelebi nagara saisine, kutha dalah kang manggon. Manungsa bakal padha sesambat, sarta wong kang manggon ing kutha bakal padha nangis,

3krungu gumedering sikile jaran-jarane kareta, lan gumledheging rodhane. Para bapa padha ora tumoleh, ngelingi marang anak-anake maneh amarga tangane wis lemes,

4jalaran wus tumeka ing dinane tumrap panumpesing sakehe wong Filisti lan anggone nyirnakake sadhengah pambiyantu kang isih ana tumrap Tirus lan Sidon. Lah, Sang Yehuwah bakal numpes wong Filisti, yaiku kekarening wong kang teka saka ing pulo Kaftor.

5Gaza wis dadi gundhul, Askelon wis meneng cep. He Asdod, kekarene wong Enak, isih sapira suwene anggonira mbeleki awakira?

6Adhuh pedhange Sang Yehuwah, isih sapira suwene anggonmu banjur leren? Lumebua ing warangkamu maneh, menenga lan lerena!

7Nanging kapriye bisane leren? Rak Sang Yehuwah kang dhawuh? Menyang ing Askelon lan ing pasisir, iya mrana iku anggone Panjenengane ndhawuhi!”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yeremia 47 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel