Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 12 >> 

Kidung panuwun marga wus ginanjar slamet

1Ing wektu iku kowe bakal munjuk: “Kawula badhe ngunjukaken panuwun dhumateng Paduka, dhuh Yehuwah, awit sanadyan Paduka sampun duka dhumateng kawula, nanging bebendu Paduka sampun kendel tuwin Paduka lajeng nglipur kawula.

2Gusti Allah iku sanyata dadi karaharjanku; aku kumandel ora kalawan gumeter, amarga Sang Yehuwah Allah iku kakuwatanku lan masmurku, Panjenengane wus dadi karaharjanku.”

3Ing kono kowe bakal padha ngangsu kalawan bungah ing etuking kaslametan.

4Ing wektu iku kowe bakal padha ngucap: “Ngunjukna panuwun marang Sang Yehuwah, padha nyebuta marang asmane, pakaryane padha sumurupna ana ing antarane para bangsa, suwurna, manawa asmane iku luhur!

5Padha ngidungna masmur Pangeran Yehuwah, sabab pakaryane iku mulya; bab iki prayoga kasumurupan ing saindenging bumi!

6Padha giyak-giyaka lan surak-suraka, he wong kang padha manggon ing Sion, amarga Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel, iku agung ana ing satengahmu!”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yesaya 12 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel