Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 19 >> 

Wangsit tumrap Mesir

1Wangsit tumrap Mesir. Lah Sang Yehuwah nitih mega kang rikat lan tedhak menyang ing tanah Mesir; para brahala ing Mesir padha gumeter ana ing ngarsane, lan atine wong Mesir remuk ana ing badane.

2Ingsun bakal damel wong Mesir nglawan padha wong Mesir, supaya padha perang, saben wong nglawan sadulure lan saben wong nglawan mitrane, kutha nglawan kutha, karajan nglawan karajan;

3semangate wogn Mesir banjur ilang, rancangane bakal Sunkisruhake; banjur bakal padha njaluk pituduh marang para brahala lan marang juru japa-mantra, marang arwah lan marang roh kang memeca.

4Ingsun bakal ngulungake wong Mesir marang ing tangane bendara kang ambek siya, lan ratu kang kereng bakal masesani bangsa iku; mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustining sarwa tumitah.

5Banyune bengawn Nil bakal entek, lan bengawan iku bakal dadi asat nggereng,

6satemah susukan-susukan bakal mambu bacin, lan cawangan-cawanganing bengawan Nil bakal dadi cethek lan asat, glagah lan rayung bakal padha mati lan rubuh.

7Suket ing pinggiring bengawan Nil lan apa kang kasebar ing lebaking bengawan mau bakal dadi aking, katiup ing angin lan wus ora ana maneh.

8Para juru amek iwak bakal padha sesambat lan susah, yaiku sakehe wong kang padha mancing ing bengawanl Nil; sakehe wong kang njala ana ing kono bakal padha ngenes uga.

9Wong-wong kang gawe lena bakal padha kawirangan, mangkono uga para wong nenun mori.

10Wong kang padha nenun bakal remuk atine, sakehe buruh bakal sedhih atine.

11Para panggedhe ing Zoan iku padha bodho-bodho, para juru pirembage Pringon kang wicaksana dhewe padha nyaosi pamrayoga kang bodho. Kapriye dene sira padha bisa matur marang Pringon: “Kawula punika anakipun para tiyang wicaksana, turunipun para ratu ing jaman kina?”

12Endi wong-wongira kang wicaksana? Iku cikben padha pratela marang sira lan aweh weruh apa kang wus kaputus dening Sang Yehuwah Gustining sarwa tumitah tumrap Mesir.

13Para panggedhe ing Zoan tumindake gemblung, para panggedhe ing Memfis wus padha kapusan; para pangareping suku-sukune wus padha mbingungake Mesir.

14Pangeran Yehuwah wus ngesokake ana ing tengahe sawijining roh kang ngisruhake, lan iku padha gawe bingunging Mesir ing bab pambudidayane kabeh, nganti kaya wong mendem kang mumet nalika mutah-mutah.

15Lan ora ana kang kasil satindake Mesir kang dilakoni dening panggedhe lan panganut, dening pangarep lan wong lumrah.

16Ing nalika iku para wong Mesir bakal padha kaya wong wadon; bakal padha gumeter lan kaget marga saka astane Pangeran Yehuwah Gustining sarwa tumitah kang kaagagake marang wong-wong mau.

17Tanah Yehuda banjur bakal nukulake pagiris ana ing satengahe wong Mesir, lan sapa bae kang eling marang wong-wong mau bakal kaget marga krungu bab pancasaning Yehuwah Gustining sarwa tumitah, kang wus kadamel tumrap wong-wong iku.

18Ing wektu iku ing tanah Mesir bakal ana kutha lima kang caturane nganggo basa Kanaan lan kang sumpah demi Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitah. Panunggalane ana siji kang bakal kasebut Ir-Kheres.

19Ing wektu iku ing satengahe tanah Mesir bakal ana misbyah kagem Sang Yehuwah lan tugu pengetan kagem Sang Yehuwah kang dumunung ing tapel-watese.

20Iku bakal dadi tandha paseksen kagem Sang Yehuwah Gustining sarwa tumitah ana ing tanah Mesir: manawa padha sesambat marang Pangeran Yehuwah marga saka kang padha nindhes, Panjenengane banjur bakal paring sawijining juru-slamet marang wong-wong mau, kang bakal tumandang lan ngluwari.

21Sang Yehuwah bakal nglairake sarirane marng wong Mesir lan wong Mesir ing nalika iku bakal wanuh marang Pangeran Yehuwah; bakal padha ngibadah kalawan nyaosi kurban sembelehan lan kurban dhaharan, sarta bakal nyaosake nadar marang Sang Yehuwah tuwin iku bakal diluwari.

22Wong Mesir bakal dirangket dening Sang Yehuwah, bakal dirangket, banjur diwarasake; nuli bakal padha mratobat marang Sang Yehuwah, tuwin Panjenengane bakal ngabulake pandongane lan nyarasake wong-wong mau.

23Ing wektu iku bakal ana dalan gedhe saka ing Mesir menyang ing Asyur, satemah wong Asyur bisa lumebu ing Mesir lan wong Mesir bisa lumebu ing Asyur, sarta wong Mesir bakal ngabekti bebarengan karo Asyur.

24Ing wektu iku Israel bakal dadi kang katelu sawuse Mesir lan Asyur, sawijining berkah ana ing bumi,

25kang diberkahi dening Pangeran Yehuwah, Gustining sarwa tumitah kalawan pangandika: “Binerkahana Mesir, umatingSun, lan Asyur, pakaryaning astaningSun, sarta Israel warisaningSun.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yesaya 19 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel