Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 27 >> 

Israel kaluwaran

1Ing nalika iku Pangeran Yehuwah bakal matrapi paukuman kalawan pedhange kang atos, gedhe lan kuwat marang Lewiatan, naga kang lumayu, marang Lewiatan, naga kang ngleker, sarta bakal mateni ula naga ing sagara.

2Ing wektu iku bakal dikandhakake: “Ngrerepia bab kebon anggur kang endah!

3Ingsun, Yehuwah kang ngreksa; Ingsun kang tansah nyirami. Supaya aja ana wong kang ngrusuhi, rina wengi Sunjaga;

4Ingsun wus ora duka. Manawa Ingsun nguningani piskucing lan suket, iku bakal Sunperangi lan bakal Sunobong bareng,

5kajaba manawa banjur padha ngupaya pangayoman marang Ingsun tuwin ngudi rukun kalawan Ingsun, iya ngudi rukun kalawan Ingsun!”

6Ing dina-dina kang bakal kelakon, Yakub bakal metu oyode, Israel bakal ngrembaka lan metu trubusane sarta bakal ngebaki bumi kabeh kalawan pametune.

7Apa Sang Yehuwah anggone nyirnakake umate kaya anggone nyirnakake wong kang nyirnakake umat mau? Utawa apa anggone mateni umate kaya anggone mateni wong kang mateni umate mau?

8Paduka sampun nglawan tiyang-tiyang wau, sami Paduka kesahaken saha Paduka tundhung. Wus padha kasingkirake kalawan angine kang santer ing wektu angin wetan.

9Mangkene iki anggone kaluputane Yakub kailangan, lan iki wohe manawa dosane wus kaedohake: banjur gawe sakehe watuning misbyah kayadene watu gamping kang kapecah-pecah, satemah ora ana maneh tugu brahala lan padupan kang isih ngadeg.

10Amarga kutha-beteng iku dununge mencil, sawijining papan panggonan kang disuwungake lan ditinggal kayadene ara-ara samun; pedhet bakal nyenggut lan mlegung ana ing kono sarta ngentekake pang-panging wit-witan.

11Samangsa pang-pange kang cilik-cilik wus garing, bakal padha disempali; nuli kaobong dening para wong wadon kang pdha teka. Awit iki sawijinig bangsa kang tanpa budi, yaiku kang njalari ora kaparingan palimirma dening kang nitahake lan ora kinasihan dening kang mangun.

12Ing wektu iku Pangeran Yehuwah bakal nindakake pangrontogan wiwit saka ing bengawan Efrat nganti tekan ing kali Mesir, sarta kowe kabeh bakal padha dikumpulake siji-siji, he wong Israel!

13Ing nalika iku kasalangka kang gedhe bakal diunekake, lan kang ilang ana ing tanah Asyur bakal padha teka mangkono uga kang kabuwang menyang ing tanah Mesir prelu padha sujud nyembah marang Pangeran Yehuwah ana ing gunung kang suci, ing Yerusalem.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yesaya 27 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel