Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 28 >> 

YERUSALEM KARUPEKAN LAN PETHAL; Pamedhar wangsit tumrap Samaria

1Bilai makuthane kamulyane para kang seneng mendem ing Efraim, kembang kang wis wiwit alum ing rerengganing sirahe kang endah-endah -- yaiku kutha kang dumunung ana ing dhuwur, ana ing gunung, ing lembah kang subur kang kebak wong kang seneng ngombe anggur kang wus padha mumet! --

2Lah Pangeran kagungan sawijining wong kang rosa lan santosa, wong kang kaya prahara kaworan udan krikil, yaiku prahara kang ngrerusak wong kang kaya prahara kaworan udan kang ngedab-edabi lan ngelekake; wong-wong mau bakal kakeplekake ing bumi kalawan rosa.

3Makuthane kamulyaning para wong Efraim kang seneng mendem iku bakal kaidak-idak,

4lan kembang kang wis wiwit alum ing rerengganing sirahe kang endah-endah iku -- yaiku kutha kang ana ing dhuwur gunung, ing lebak kang subur -- iku kaanane bakal kaya woh anjir kang mateng sadurunge mangsa ketiga: lagi bae kasumurupan ing wong banjur kapethik lan kaemplok.

5Ing wektu iku Pangeran Yehwuah Gustining sarwa tumitah baka jumeneng dadi makuthaning kaendahan, lan rerengganing sirahkang endah tumrap kakarene umate,

6bakal jumeneng dadi rohing kaadilan tumrap wong kang lungguh nindakake pangadilan, lan dadi rohing kaprawiran tumrap wong kang ngundurake perang nganti tekan ing gapura.

Tumrap panggedhening Yerusalem

7Nanging sanadyan wong-wong ing kene iya padha mumet marga saka anggur lan ngelu marga saka arak Imam utawa Nabi mumet marga saka arak, bingung marga saka anggur; padha mumet marga saka arak, mumet nalika weruh wahyu, sempoyongan nalika aweh putusan.

8Lah mejane kabeh kebak utah-utahan lan rereged, temahan ora ana kang resik maneh.

9Wong banjur celathu: “Sapa sing arep diwulang bab kawruhe lan sapa sing bakal diwenehi katrangan bab wahyu-wahyune? Kaya-kaya bocah sapihan anyar kang lagi kabethot saka susu!

10Sabab kudu iki kudu iku, kudu mangkene kudu mangkono, wuwuh iki, wuwuh iku!”

11Lah lumantar para wong kang kedaling celathune aneh lan lumantar para wong kang migunakake basa manca Panjenengane bakal paring pangandika marang bangsa mau,

12Panjenengane kang wus ngandikani mangkene: “Yaiki papan palerenan, sira menehana papan kanggo ngaso marang wong kang kesayahen; iku papan kanggo ngaso!” Nanging padha ora gelem ngrungokake.

13Mulane bakal padha ngrungokake pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Kudu iki, kudu iku, kudu mangkene, kudu mangkono, wuwuh iki, wuwuh iku!” supaya sajrone lumaku banjur padha tiba kelumah, satemah tatu, kecekel lan ketawan.

14Mulane rungokna pangandikane Sang Yehuwah, he para wong kang padha seneng nenacad, he para wong kang mrentah rakyat kang ana ing Yerusalem iki!

15Ing sarehne kowe wus padha ngucap: “Aku wus padha nganakake prajanjian karo pati, lan karo jagading pati aku wus padha nganakake pasarujukan; sanadyan cemethi acethar-cether seru, ora bakal ngenani aku kabeh; amarga si goroh wus padha dakdadekake pangayomanku, sarta aku padha asingidan ana ing doracara,”

16mulane mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: “Lah Ingsun mrenahake ana ing Sion sawijining watu, watu kang wus ketitik becik minangka tetales, watu pepojok kang larang, tetales kang santosa: sing sapa pracaya, ora bakal goreh!

17Lan kaadilan bakal Sundadosake tali ukuran, sarta kabeneran Sundadekake tali panyipat; udan watu bakal nyirnakake pangayoman goroh, tuwin banyu gedhe bakal nglarudake pandhelikan.”

18Prajanjianmu kalawan pati bakal kasuwak, lan pasarujukanmu kalawan jagading wong mati ora bakal terus tumindak; manawa cemethi acethar-cether seru, kowe bakal padha remuk kaidak-idak.

19Kaping pira bae anggonira teka, kowe bakal padha kaseret, sabab iku bakal teka saben esuk, ing wektu awan lan ing wektu bengi; sarta mangreti marang pangandika kang dirungu iku ateges mung pagiris thok.

20Sabab paturon bakal kurang dawa manawa kanggo turu slonjor lan kemule bakal kurang amba kanggo ngemuli awak.

21Sabab Pangeran Yehuwah bakal jumeneng kaya ana ing gunung Perasim, tuwin bakal bendu kaya ana ing lebak ing sacedhake Gibeon, sarta bakal nindakake pakaryane -- aneh pakaryane iku; lan bakal nindakake pakaryane -- aneh pakaryane iku!

22Mulane kowe aja padha nenacad, supaya talining bebandanmu aja saya kenceng, awit aku krungu bab karusakan kang wus tinamtokake kang pinangkane saka Pangeran Gusti Allah ing sarwa tumitah kang bakal tumempuh marang saindenging nagara iku.

Kawicaksanane Sang Yehuwah

23Tilingna lan rungokna swaraku; gatekna lan rungokna tembungku!

24Apa saben dina wong iku anggone mluku, maculi lan nggaru tanahe kang bakal disebari wiji?

25Apa ora sawise tanahe karata, anggone ngratakake jinten ireng lan nyebar jinten putih, nguluri gandum juwawut lan sair sarta wiji kusemet ana ing pinggire?

26Bab adat pakulinan wus kaparingan piwulang, lan pituduh dening Allahe.

27Amarga jinten ireng ora karontogake nganggo piranti pangrontogan, lan rodhaning grobag ora kanggo nggiles jinten putih, nanging jinten ireng karontogan kanthi patrap digedhig kalawan watang, lan jinten putih kalawan gebug.

28Apa wong anggone ngrontogi iku gandume digebugi nganti ajur? Mesthi ora, ora terus bae digebugi nganti ajur! Lan sanadyan wong nglakokake ing dhuwure gandum mau jantrane grobag kalawan jarane, nanging anggone nggiles ora bakal nganti ajur.

29Sarta iki pinangkane uga saka Sang Yehuwah Gustining sakehe dumadi; pepesthene iku elok lan gedhe kawicaksanane.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yesaya 28 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel