Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 30 >> 

Dudu Mesir nanging Pangeran Yehuwah kang paring pitulungan

1Bilai anak-anak kang mbalela, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, -- kang padha nindakake rancangan kang ora saka Ingsun, kang lumebu ing pasarujukan, kang ora marga saka karsaning RohingSun, satemah dosane saya wuwuh-wuwuh,

2kang mangkat menyang ing tanah Mesir, ora kalawan nyuwun putusaningSun, sumedya ngayom marang Pringon lan ngungsi marang ing pangaubaning Mesir.

3Nanging pangayomane Pringon bakal gawe wirangira kabeh, lan ngungsi ing pangaubaning Mesir bakal ndadekake isinira kabeh.

4Amarga sanadyan para panggedhe Yerusalem wus padha ana ing Zoan, lan para utusane wus padha tekan ing Hanes,

5iku kabeh bakal kawirangan amarga bangsa iku ora bisa nguntungake, lan ora bisa aweh pitulungan sarta ora maedahi; nanging mung gawe wirang, malah banjur dadi lan kanisthane.

6Wangsit bab kewan-kewan ing Tanah Negeb. Ngliwati nagara kang kebak karupekan lan sangsara, papaning singa wadon lan singa lanang kang padha nggero papaning ula bedhudhak lan ula naga kang padha mabur, wong-wong mau anggone padha nggawani raja-branane kamomotake ing gegere kuldi, lan barang darbeke ign punuking unta, arep diwenehake marang bangsa kang ora bisa aweh kauntungan,

7yaiku Mesir kang aweh pitulungan kang ora migunani lan tanpa paedah; mulane iku Sunjenengake: “Rahab kang dianggurake.”

8Mulane saiki, sira mangkata, bab iku tulisen ing papan ana ing ngarepe mripate, lan sira cathetana ing kitab, supaya dadi paseksen kanggo ing mbesuk, nganti ing salawas-lawase.

9Awit iku sawijining bangsa kang mbalela, anak kang padha seneng goroh anak kang padha sungkan ngrungokake marang piwulange Pangeran Yehuwah,

10kang padha celathu marang para wong sidik: “Aja mawas,” lan marang para nabi: “Aja medharake wangsit kang nyata, nanging kandhakna marang aku kabeh bab-bab kang nyenengake, wedharna wangsit othak-athikan,

11padha sumingkira saka ing dalan metua ing dalan liyane, aku aja padha kokridhu kalawan Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel.”

12Mulane mangkene pangandikane Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel: “Sarehne sira padha nampik pangandika iki, lan masrahake awakira marang para wong kang meres lan laku ngiwa sarta sumendhe marang wong-wong iku,

13mulane dosa iki tumrap sira kabeh bakal kaya gempalan tembok kang arep tiba, kang mongol metu ing tembok kang dhuwur, kang bakal ambruk kalawan dadakan ing sakedhep netra,

14bakal remuk kaya klenthinge kundhi, kang kabanting tanpa dieman, nganti ing antarane remukane ora ana wingka siji bae kang kena dianggo golek geni ing bedhiyang utawa kanggo nyidhuk banyu ing bak.”

15Awit mangkene pangandikane Pangeran Allah, Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel: “Sarana mratobat lan sumarah sira bakal padha kaparingan slamet; kakuwatanira iku dumunung ana ing ayem lan kumandel.” Nanging sira padha ora gelem,

16sira padhangucap: “Ora, aku arep padha nunggang jaran kang dakplayokake rikat,” mulane sira bakal padha lumayu lan sirna. Sira uga padha celathu: “Aku arep padha nunggang jaran kang cukat,” mulane kang ngoyak sira bakal ngluwihi cukate.

17ana wong sewu kang bakal lumayu marga sumurup ancamaning wong siji, sira kabeh bakal lumayu marga saka ancamaning wong lima, nganti sira kang padha tininggal kaya pal tetengger ing pucaking gunung lan kaya gendera ing dhuwur tetengger.

Janji bakal paring kaslametan marang Sion

18Awit saka iku Pangeran Yehuwah ngantos-antos marang wektune anggone bakal ngatingalake katresnane marang kowe kabeh; mulane banjur jumeneng arep nandukake kawelasan marang kowe kabeh. Amarga Pangeran Yehuwah iku Gusti Allah kang adil; rahayu sakehe wong kang nganti-anti marang Panjenengane!

19He bangsa ing Sion kang manggon ing Yerusalem, lah kowe ora bakal terus nangis. Pangeran mesthi bakal paring kawelasan marang kowe, samangsa kowe sesambat; ing wektu mireng panjeritmu, Panjenengane bakal paring wangsulan.

20Lan sanadyan Pangeran maringi roti tuwin banyu sarwa sathithik, nanging Pamulangmu ora bakal singidan maneh, nanging mripatmu bakal tansah ndeleng Panjenengane,

21sarta kupingmu bakal krungu saka ing burimu pitembungan mangkene: “Iki dalane, lumakua ing kene,” embuh kowe lumaku manengen apa mangiwa.

22Kowe bakal nganggep najis marang reca-recamu kang sinelut ing salaka utawa kang kalapis emas; iku bakal kokbuwang kayadene lawon kang najis kanthi kokcelathoni: “Sumingkira!”

23Pangeran Yehuwah bakal banjur paring udan marang wiji kang lagi bae koksebar ing pategalanmu, lan kowe bakal mangan roti kang enak lan akeh banget saka ing pametune tanah iki. Ing wektu iku raja-kayamu bakal nyenggut ing ara-ara kang jembar;

24sapi-sapi lan kuldi-kuldi kang kanggo nggarap tanah bakal mangan pakan campuran kang enak, kang wus ditapeni lan diayak.

25Saben gunung kang dhuwur lan saben tengger kang munggul bakal ana kali-kaline kang mili, yaiku ing dina patumpesan kang gedhe, samangsa menara-menara padha rubuh.

26Padhanging rembulan purnama banjur bakal kaya padhanging srengenge kang sumorot sumelet, tuwin padhanging srengenge kang sumelet iku banjur bakal tikel kaping pitu, yaiku kaya padhange pitung dina, samangsa Sang Yehuwah mblebed tatune umate sarta nyarasake tilase kagebugan.

Paukumane Gusti Allah marang Asyur

27Pangeran Yehuwah rawuh ngatingal saka ing padalemane kang adoh -- bebendune mulad-mulad, rawuhe ana ing sajrone mega peteng kang gembuleng-gembuleng, lathine kebak deduka, lan lidhahe kaya geni kang memangsa nganti gusis;

28wedaling napase kaya kali kang ngelekake, kang banyune nganti sagulu -- Rawuhe arep ngayaki bangsa-bangsa kalawan ayaking karusakan tuwin arep masang kendhali panasaran ing cangkeme para suku bangsa.

29Kowe bakal padha ngrepekake kekidungan kaya ing wektu bengi nalika wong sesuci ngarepake riaya, sarta kowe bakal padha seneng-seneng kaya manawa wong lumaku digameli ing suling arep munggah ing gununge Sang Yehuwah, ing Gunung-Parange Israel.

30Lan Pangeran Yehuwah bakal ngedalake swarane kang mulya, bakal ngatingalake astane kang nempuh kalawan bebendu kang ngedab-edabi sarta kalawan geni kang memangsa nganti gusis, tuwin kalawan udan deres, prahara lan udan krikil.

31Sabab Asyur bakal kaget krungu swaraning Yehuwah, yaiku nalika padha kapupuh kalawan gada.

32Amarga saben gebugan kalawan teken kang kagem ngrangket kang kagebagake dening Pangeran marang wong-wong mau, bakal kairing ing swaraning trebang lan clempung, sarta Panjenengane bakal merangi Asyur, kalawan asta kang kaacungake marang ing peperangan.

33Sabab papaning pangobongan wus katata wiwit ing biyen -- iku rak kanggo raja -- dhasare kagawe jero lan amba, pancakane kebak geni lan kayu; napasing Yehuwah nggesengake kaya kali walirang.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yesaya 30 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel