Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 31 >> 

Amung Gusti Allah kang paring pitulungan ora ana liyane maneh

1Bilai para wong kang lunga menyang ing tanah Mesir njaluk tulung, kang ngandelake marang jaran, kang pracaya marang kretane kang akeh banget, lan marang bala jaranan kang cacahe akeh banget, nanging ora tumenga marng Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel, lan ora nggoleki Pangeran Yehuwah.

2Nanging panjenengane kang wicaksana iku bakal ndhatengake bilai, tuwin ora nyelet pangandikane; Panjenengane bakal tumandang nglawan marang jinis duraka, sarta nglawan marang wadya-bala bantuane para wong kang ambek siya.

3Amarga wong Mesir iku manungsa, dudu Allah, lan jaran-jarane iku makhluk kang ringkih, dudu roh kang kadunungan pangwasa. Manawa Pangeran Yehuwah ngacungake astane, kang mbiyantu banjur keplesed lan kang dibiyantu nuli tiba, sarta kabeh tumuli padha tiwas bebarengan.

4Awit mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku: “kayadene singa utawa singa enom kang gereng-gereng ngukuhi memangsane, lan ora kaget krungu gembar-gembore pangon sagolongan kang dikumpulake arep nglawan, sarta ora mundur dening ramene, iya mangkono bakal tumedhake Pangeran Yehuwah Gustining sarwa dumadi lan banjur perang ngekahi gunung Sion lan tenggere.

5Kayadene manuk kang mabur kekablak, ngayomi susuhe, iya mangkono anggone Pangeran Yehuwah Gustining sarwa tumitah bakal ngayomi Yerusalem, ngayomi lan paring pangluwaran, rumeksa lan ngedohi bilai.”

6He wong Israel, padha mratobata marang Panjenengane, kang wus koktinggal nganti adoh!

7Lah ing dina iku sawiji-wijining panunggalanmu bakal mbuwangi brahala-brahalane salaka lan brahala-brahalaning emas kang digawe dening tanganmu dhewe kalawan kebak dosa.

8Asyur bakal ambruk dening pedhang, nanging dudu pedhanging wong, lan bakal kamangsa dening pedhang nganti gusis, nanging dudu pedhanging manungsa, sarta bakal keplayu nyingkiri pedhang, tuwin wonge nom-noman bakal padha dadi kuli wajib.

9Kang ngayomi bakal sirna marga saka giris, sarta panggedhening perang bakal kaget banjur lumayu ninggal genderane, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah kang kagungan geni ana ing Sion lan pawon ana ing Yerusalem.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yesaya 31 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel