Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 43 >> 

Amung Gusti allah kang jumeneng dadi penebus, ora ana liyane

1Nanging saiki mangkene pangandikane Sang Yehuwah kang nitahake kowe, he Yakub, kang mangun kowe, he Israel: “Sira aja wedi, awit Ingsun wus nebus sira, Ingsun wus nimbali sira kanthi nyebut jenengira, sira iki kagunganingSun.

2Manawa sira nyabrang ing banyu, Ingsun bakal nganthi marang sira, utawa ngliwati kali-kali, sira ora bakal keli; manawa sira lumaku liwat ing geni, sira ora bakal geseng, lan urubing geni ora bakal ngobong sira.

3Amarga Ingsun iki Yehuwah, Allahira, Kang Mahasuci, Allahe Israel, Juru-slametira. Mesir Sunagem nebus sira, lan Etiopia sarta Syeba Sunparingake minangka gegentinira.

4Ing sarehne sira iku aji ana ing paningalingSun tuwin mulya, sarta Ingsun asih marang sira, mulane Ingsun maringake manungsa minangka gegentinira, tuwin bangsa-bangsa minangka gegentining nyawanira.

5Sira aja wedi, awit Ingsun nganthi marang sira, Ingsun bakal ndhatengake anak-putunira saka ing wetan, sarta Ingsun bakal nglempakake sira saka ing kulon.

6Ingsun bakal ngandika marang lor: ‘Wenehna!’ lan marang kidul: ‘Aja sira gondheli!’ Para putraningSun kakung sira gawanana saka ing adoh, tuwin para putraningSun putri saka ing poncot-poncoting bumi,

7yaiku sakehing wong kang jenenge nganggo asmaningSun, kang Suntitahake kagem kamulyaningSun, kang Sunwangun lan kang uga Sundadosake!”

Israel dadi seksine Pangeran Yehuwah

8Kareben wong ngajokake bangsa kang wuta sanadyan ana mripate, kang budheg sanadyan duwe kuping!

9Cikben padha nglumpuk bebarengan sakehing bangsa iku, lan cikben padha nglumpuk sakehing suku bangsa iku! Panunggalane iku sapa kang bisa aweh pawarta bab-bab iki, kang bisa mratelakake marang kita bab-bab kang kelakon dhek biyen? Cikben padha nggawa seksi-seksine, supaya kacihna yen ora luput; wong kareben krungu lan banjur celathu: “Bener mangkono!”

10“Sira iki padha dadi seksiningSun,” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, “tuwin abdiningSun kang wus Sunpilih, supaya sira padha sumurup lan kumandel marang Ingsun lan mangreti, manawa Ingsun iki tetep Panjenengane. Sadurunge Ingsun ora ana Allah kang jumeneng, sarta sawuse Ingsun bakal ora ana liyane maneh.

11Ingsun, iya Ingsun iki Yehuwah lan ora ana Juru-slamet kejaba Ingsun.

12Ingsun iki kang paring sumurup, kang paring karahayon lan pawarta, tuwin dudu allah ngamanca kang ana ing tengahira. Sira iku padha dadi seksiningSun,” mangkono pangandikane Sang Yehuwah, “lan Ingsun iki Allah.

13Uga sabanjure Ingsun iki tetep Panjenengane, tuwin ora ana kang bisa luwar saka ing astaningSun; Ingsun kang nindakake, sapa kang bisa malangi?”

14Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah, Juru Panebusmu, Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel: “Marga saka sira Ingsun karsa utusan wong menyang ing Babil lan karsa nyingkirake slarak-slarake lawanging pakunjaran kabeh, tuwin surak-surake wong Kasdim banjur dadi pasambat.

15Ingsun iki Yehuwah, Kang Mahasuci, Allahira, Ratunira kang nitahake Israel.”

16Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah, kang wus karya dalan ngliwati sagara lan ngliwati banyu kang ngedab-edabi,

17kang wus dhawuh marang kreta lan jaran supaya padha ngetoni perang, uga wadya-bala lan wong prakosa -- iku padha gumlethak, ora bisa tangi, wus padha mati, wus mati kaya uceng-uceng --.

18Mangkene pangandikane: “Aja padha ngeling-eling bab-bab kang wus kepungkur, lan aja mikir marang bab-bab kang wus kelakon dhek jaman kuna!

19Lah Ingsun karsa damel kang anyar, kang saiki wus tuwuh, apa sira durung sumurup? Malah Ingsun bakal karya dalan ana ing ara-ara samun lan kali-kali ana ing pasamunan.

20Kewan ing alas bakal ngluhurake Ingsun, asu ajag lan manuk unta, awit Ingsun wus karya banyu kang muncar-muncar ing ara-ara samun lan kali kang padha mili ing pasamunan, kanggo ngombeni umat pepilihaningSun;

21umat kang wus Ingsun dhapuk kagem Ingsun iku bakal martakake misuwuringSun.”

Dosane Israel kaapura

22“Sanyata, sira ora nyebut marang Ingsun, he Yakub, sarta sira ora mreduli marang Ingsun, he Israel.

23Sira ora nyaosi kurban obaranira wedhus gembel marang Ingsun, tuwin ora ngluhurake Ingsun kalawan kurban sembelehanira. Ingsun ora ngebot-eboti sira kanthi mundhut kurban dhaharan, sarta nyusahake sira kanthi mundhut menyan.

24Sira ora mundhutake Ingsun tebu wangi sarana dhuwit, utawa gawe tuwukingSun kalawan gajihe kurban sembelehanira. Nanging sira ngebot-eboti Ingsun kalawan dosanira, sira gawe sungkawaningSun kalawan kaluputanira.

25Ingsun, iya Ingsun iku Panjenengane kang ngicali dosaning pambalelanira marga saka Ingsun piyambak, lan Ingsun ora ngenget-enget marang dosanira.

26Sira ngengetana Ingsun, ayo kita padha prakaran, ajokna samubarang kabehe supaya kacihna anggonira bener!

27Bapa leluhurira kang kawitan wus dosa, lan juru pirembagira wus mbalela marang Ingsun.

28Dadine Ingsun kepeksa najisake para pemimpine papan pasucen, lan kepeksa ngulungake yakub supaya katumpes sarta Israel supaya dicecamah.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yesaya 43 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel