Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 46 >> 

Para Dewa ing Babil iku tanpa daya

1Dewa Bel wus katelukake, dewa Nebo wus kaesorake, reca-recane wus padha kamomotake ing kewan; kamomotake ing raja-kaya kang maune padha sira arak, saiki wus padha kaemotake dadi momotaning kewan kang sayah,

2kang ora bisa nylametake momotane iku. Dewa-dewa iku kaesorake lan katelukake bebarengan lan banjur padha dadi tawanan dhewe.

3“Padha rungokna Ingsun, he para turune Yakub, he sakehe turune Israel kang isih kari, he para wong kang Sungendhong wiwit ing wetengan, he para wong kang Sunbopong wiwit ana ing sajroning guwa-garba.

4Nganti sira tuwa Ingsun iki tetep Panjenengane lan nganti rambutira putih anggoningSun nggendhong sira kabeh. Ingsun wus tumindak mangkono tuwin karsa terus nanggung sira kabeh; Ingsun karsa ngrembat lan nylametake sira.

5Sira bakal padha madhakake lan nandhing Ingsun karo sapa lan sira njejerake sapa, temah banjur padha?

6Wong ngetokake emas saka ing kanthonge lan mbobot salaka kalawan timbangan, banjur ngopahi wong dikon nggawekake allah nganggo bakal mau, nuli disembah-sembah lan uga disujudi!

7Allahe iku tumuli ditumpangake ing pundhak, dipikul lan diprenahake ing panggonane; allahe iku banjur ngadeg ana ing kono ora bisa ngalih saka ing panggonane. Sanadyan diuwuh-uwuh ing wong, ora mangsuli lan ora bisa ngluwari wong saka ing karupekane.

8Iku padha elingana lan padha rumangsaa wirang, padha timbang-timbangen ing sajroning ati, he para wong kang padha mbalela!

9Sira padha ngelingana lelakon-lelakon biyen kang kadadean dhek jaman kuna, manawa iya Ingsun iki Allah lan ora ana liyane, Ingsun iki Allah lan ora ana kang kaya Ingsun,

10kang paring sumurup wiwit ing sakawit prakara kang ing tembe bakal kelakon lan wiwit ing jaman kuna apa kang durung kelakon, kang ngandika: PutusaningSun bakal tumindak, tuwin sakehe karsaningSun bakal kelakon,

11kang nimbali manuk galak saka ing wetan, lan wong kang nindakake putusaningSun kang asale saka nagara kang adoh. Ingsun wus ngandika mangkono lan iku bakal Suntindakake, Ingsun wus ngrancang mangkono lan iku bakal Sunwujudake.

12Padha ngrungokna Ingsun, he para wong gumunggung, para wong kang adoh saka ing kabeneran:

13Kaslametan kang saka Ingsun wus cedhak, amarga Ingsun kang nyelakake tuwin pangluwaran kang Sunparingake ora bakal karandhatake maneh; Ingsun bakal paring pangentasan ana ing Sion sarta kamulyaningSun marang Israel.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yesaya 46 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel