Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 47 >> 

Rusake nagara Babil

1Tumuruna lan lungguha ing lebu, he kenya, putri ing Babil! Lungguha ing lemah tanpa dhampar, he putri Kasdim! Amarga sira ora bakal kaaranan maneh manis lan kenes.

2Sira njupuka watu gulingan lan nggilinga glepung, bukaken kudhungira; silakna sarungira, liganen pupunira, nyabranga ing kali!

3Kareben wewadinira katon ngeblak lan cikben kanisthanira katon! Ingsun bakal ndhawahake piwales lan ora bakal ngeman wong siji-sijia,

4mangkono pangandikane Juru Panebus kita, Pangeran Yehuwah, Gustining sarwa tumitah asmane, Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel.

5Lungguha kalawan meneng lan lumebua ing pepeteng, he putri Kasdim! Sabab sira ora bakal dikandhakake maneh dadi ratu ing sadhuwure para karajan.

6Ingsun maune duka marang umatingSun, najisake pusaka kagunganingSun, sarta Sunpasrahake ing tanganira; sira ora welas marang wong-wong iku, malah banget-banget anggonira ngetrapi pasangan kang abot marang wong kang wus tuwa.

7Maune sira ngucap: “Tetep ing salawas-lawase anggonku jumeneng dadi ratu!” Nanging sira ora eling tuwin ora mikir marang wekasane iku kabeh.

8Mulane iki sira rungokna, he wong kang urip seneng-seneng, kang mung lelinggihan kalawan ayem, kang mosik sajroning atimu mangkene: “Ora ana liyane ing sandhingku! Aku ora bakal dadi randha, lan ora bakal cures turunku!”

9Rong prakara iki bakal nekani sira, ing sakedhap netra, ing sajroning sadina uga. Sira bakal dadi randha lan turunira bakal sirna babar pisan iku bakal tumempuh marang sira, sanadyan ekeh sikirira tuwin mandi banget mantranira.

10Ing maune sira rumangsa slamet ing sajroning pialanira; sira ngucap: “Ora ana kang weruh aku!” Kawicaksananira lan kawruhira iku kang nasarake sira, satemah sira mosik ing sajroning atinira: “Kajaba aku ora ana liyane!”

11Nanging sira bakal tinempuh ing bilai, sira ora bisa nandukake japa-mandtanira marang kadadean iku; sira bakal nandhang sangsara, sira ora bakal bisa nulak iku kalawan caos kurban; sira bakal katempuh ing karusakan kalawan dadakan, kang ora sira kira babar pisan.

12Sira dipanggah bae kalawan ngantepi sakehing mantranira lan sikirira kang akeh iku, kang sira endelake wiwit cilikira; mbokmanawa sira saguh nekakake pambiyantu, mbokmanawa sira bisa nuwuhake pagiris.

13Sira wus sayah marga saka kehe pituduh! Cikben padha maju lan ngluwari sira wong-wong kang padha naliti sakehing pojoke langit, kang padha niti-priksa lintang-lintang sarta kang saben tanggal enom aweh pawarta bab apa kang bakal kelakon tumrap sira!

14Sanyata, wong-wong iku kaya dami kang kaobong ing geni; padha ora bisa ngluwari nyawane saka ign pangwasaning geni; geni iku dudu mawa geni kanggo manasake awak, dudu geni kanggo api-api!

15Iya iku paedahe tumrap sira para tukang japa-matra iku, kang wus sira pindeng wiwit cilikira; padha sempoyongan menyang ing sakehing keblat, ora ana kang bisa ngluwari sira.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yesaya 47 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel