Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 55 >> 

Timbalan supaya padha melu nampani karahayon peparinge Pangeran Yehuwah

1He sakehe wong kang ngelak, padha mrenea lan ngombea banyu, apadene sira kang ora duwe dhuwit, mrenea! Nampanana gandum tanpa bayar lan mangana, uga anggur lan susu tanpa bayar!

2Yagene sira padha ngetokake dhuwit ora kanggo tuku roti, lan pituwasing rekasanira ora kanggo tuku barang kang maregi? Padha ngrungokna marang Ingsun, temah sira bakal padha mangan pangan kang becik sarta sira bakal padha ngrasakake nikmating cecawisan kang enak dhewe

3Padha nilingna kupingira lan sowana ing ngarsaningSun; padha ngrungokna, temah sira bakal padha urip! Ingsun arsa nganakake prajanjian kang langgeng kalawan sira kabeh, manut sih-susetya kang santosa kang Sunjanjekake marang Dawud

4Lah dheweke wus Suntetepake dadi seksi tumrap para bangsa, dadi ratu lan nyekel paprentahan tumrap para suku bangsa;

5lah sira bakal ngundang bangsa kang sira durung wanuh, lan bangsa kang durung wanuh kalawan sira bakal mlayu marani sira, marga saka Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira, sarta marga saka Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel, kang paring kamulyan marang sira.

6Padha ngupayaa Pangeran Yehuwah pupung isih karsa disowani; padha sesambata marng Panjenengane pupung isih ana ing celakan!

7Wong duraka kareben ninggal dalane, lan wong ala cikben ninggal pangrantame; kareben mratobat marang Sang Yehuwah, mesthi bakal kaparingan sih-palimirma, sarta marang Gusti Allah kita, sabab Panjenengane bakal ngluberake pangaksamane

8Awit rancanganingSun iku dudu rancanganira, lan dalanira iku dudu marginingSun, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

9Amarga sapira dhuwure langit saka ing bumi, iya samono dhuwure marginingSun saka ing dalanira sarta rancanganingSun saka ing rancanganira.

10Sabab kayadene udan lan salju anggone tumurun sakal ing langit lan ora bali mrono, nanging banjur mbanyoni bumi, gawe subure lan njalari thukule tetuwuhan, aweh wiji marang kang nyebar lan roti marang wong kang gelem mangan,

11iya mangkono pangandikaningSun kang miyos saka ing tutukingSun: ora bakal bali marang Ingsun kanthi nglaha, nanging iku bakal nindakake apa kang Sunkarsakake, sarta bakal oleh gawe tumrap apa bae kang Sundhawuhake.

12Lah sira bakal padha mangkat kalawan bungah lan bakal kaeterake kalawan tentrem; gunung-gunung lan tengger-tengger bakal padha gambira lan surak-surak ana ing ngarepira, lan sakehing wit-witan ing ara-ara bakal keplok-keplok.

13Minangka gantine grumbul eri bakal thukul wit beros, tuwin minangka gantine kecubung bakal thukul wit jambu keling; iku bakal kelakon minangka srana kang njalari misuwuring Yehuwah, minangka tandha langgeng kang ora bakal sirna.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yesaya 55 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel