Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yoel 2 >> 

1Padha ngunekna kalasangka ana ing Sion, lan padha surak-suraka ana ing gunungingSun kang suci! Sakehe wong isine nagara padha getera, awitdene dinane Pangeran Yehuwah teka, wus cedhak;

2sawijining dina kang peteng ndhedhet lan pagowong, dina kang mendhung lan peteng lelimengan; ana bangsa kang gedhe sarta santosa mratani gunung-gunung kaya bangbang wetan, kang kaya mangkono iku durung tau ana wiwit kuna mula; lan ing sapungkure iya bakal ora ana, turun-tumurun, ing tembe buri.

3Ing ngarepe ana geni kang memangsa nganti ludhes, lan ing burine ana urubing geni kang nggesengake. Tanah kang ana ing ngarepe kaya patamanan Eden, nanging ing burine pasamunan kang mati; sarta ora ana kang bisa ngoncati bangsa mau.

4Rupane kaya jaran, lan playune iya kaya jaran mbandhang.

5Anggone padha mencolot-mencolot ngliwati pucake gunung-gunung kaya kumrasaking kreta, lan kaya perkataking geni kang ngobong dami; kaya bangsa kang kuwat, wadya-balane samekta ing perang.

6Adu arep karo iku, bangsa-bangsa padha gumeter, guwayane kabeh padha saya pucet.

7Playune kaya pahlawan, kaya prajurit anggone ngunggahi baluwarti, siji-sijine padha lumaku terus ora nganggo nyimpang saka ing dalane;

8ora padha suk-sukan, siji-sijine ngambah ing dalane dhewe, nrajang pabarisan kalawan sikep gegaman tumbak, anggone baris kareksa aja nganti pedhot.

9Banjur nyerbu menyang ing jero kutha, ngunggahi baluwarti, padha menek lumebu ing omah-omah, lumebune metu ing cendhela kaya maling.

10Bumi gumeter ana ing ngarepe, langit gonjang-ganjing, srengenge lan rembulan padha dadi peteng, sarta lintang-lintang ilang cahyane.

11Pangeran Yehuwah nuli ngedalake swarane, ana ing ngarepe wadya-balane, mangka wadya-balane iku luwih dening akeh, sarta kang nindakake sabdane iku santosa sabab ngedab-edabi dinane Sang Yehuwah iku sarta nggegirisi banget, sapa kang bisa mbetahake?

Dhawuh supaya mratobat

12Pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene: “Nanging saiki uga, padha mratobata marang Ingsun kalawan gumolonging atinira, kalawan puwasa, lan nangis sarta sambat-sambat.”

13Atimu suweken, aja sandhanganmu, sarta mratobata marang Pangeran Yehuwah Allahmu, dene Panjenengane iku asipat asih lan welasan, gedhe sabare lan luber kamirahane, Panjenengane piduwung ing bab paukuman kang karancang.

14Sapa kang ngreti, bokmanawa karsa mengker lan piduwung, sarta nilari berkah, kagawe kurban dhaharan lan kurban unjukan sumaos marang Pangeran Yehuwah, Allahmu.

15Padha ngunekna kalasangka ana ing Sion, nganakna puwasa kang suci, ngundhangna parepatan agung.

16Bangsa iki klumpukna, pasamuwane sucekna, nglumpukna para pinutuwa, dalah para bocah pasuson pisan, panganten lanang supaya metu saka ing kamare, lan panganten wadon saka ing kamar paturone.

17Para imam, para abdine Sang Yehuwah, padha nangisa ana ing antarane pandhapa lan misbyah, sarta munjuka: “Dhuh Yehuwah, mugi karsaa paring piwelas dhateng umat Paduka, bangsa kagungan Paduka piyambak sampun ngantos kategakaken kawewada, temah dipun poyoki dening para bangsa. Punapaa ngantos wonten ujaripun tiyang ing antawisipun para bangsa: Gusti Allahe wong iku ana ing ngendi?”

Prajanjiane Gusti Allah marang bangsa kang mratobat

18Pangeran Yehuwah dadi benter ing panggalih marga saka tanahe, sarta welas-asih marang umate.

19Pangeran Yehuwah banjur paring wangsulan lan ngandika marang umate: “Lah, sira bakal Sunkintuni gandum, anggur lan lenga, lan sira bakal mangan nganti wareg. Ingsun ora bakal ndadekake sira dadi cacadan maneh ana ing antarane bangsa-bangsa.

20Kang teka saka ing lor bakal Sunedohake saka ing sira, lan bakal Sunbucal menyang nagara kang mati lan garing, pucuking pabarisane Suncemplungake ing sagara wetan, lan pethiting pabarisane ing sagara kulon, nuli mumbul ambune kang bacin lan gandane kang banger, awitdene wus nglakoni prakara kang gedhe,

21He tanah, aja wedi, surak-suraka lan bungah-bungaha, sabab Pangeran Yehuwah uga wus nindakake prakara kang gedhe!

22He, sato-kewan ing ara-ara, aja padha wedi dene pangonan ing ara-ara padha ijo riyo-riyo, wit-witan padha metu wohe, wit anjir lan wit anggur padha menehake kasugihane.

23He, bani Sion, padha surak-suraka, lan padha bungah-bungaha marga saka Pangeran Yehuwah, Allahira, marga sira wus diparingi, udan awal kalawan adil, iya udan awal lan udan akhir kaya biyen.

24Panuton-panuton bakal padha kebak gandum sarta pamipitane luber anggur lan lenga.

25Ingsun bakal paring marang sira pulihe taun-taun kang pametune entek kamangsa dening walang alihan, walang kang mlumpat, walang kang kethaha lan walang kang ngrikiti, wadya-balaningSun kang gedhe kang Sunutus menyang ing tengahira

26Sira bakal padha mangan akeh, nganti wareg, sarta sira bakal memuji asmane Sang Yehuwah, Allahira, kang wus nandukake kaelokan marang sira, karodene umatingSun ora bakal nandhang wirang ing salawas-lawase.

27Lan sira bakal padha sumurup yen Ingsun iki ana ing tengahe Israel, sarta yen Ingsun iki Yehuwah, Allahira, ora ana maneh kajaba Ingsun, lan umatingSun bakal ora nandhang wirang maneh ing salawas-lawase.”

Bab dinane Pangeran Yehuwah

28“Sawuse mangkono bakal kelakon, Ingsun bakal ngesokake RohingSun marang manungsa kabeh, temahan anakira lanang lan wadon bakal padha medhar wangsit; para pinituwanira bakal padha oleh pangimpen, lan nom-nomanira padha ndeleng wahyu.

29Dalah para baturira tukon lanang lan wadon, bakal padha Sunesoki RohingSun ing dina-dina iku.

30Mangkono maneh Ingsun bakal nganakake kaelokan ing langit lan ing bumi: getih lan geni sarta kumeluning kukus.

31Srengenge bakal salin dadi peteng ndhedhet lan rembulan dadi getih sadurunge tekane dinane Sang Yehuwah kang gedhe lan nggegirisi iku.

32Lan sing sapa nyebut asmane Pangeran Yehuwah, iku bakal kapitulungan rahayu, marga ing gunung Sion lan ing Yerusalem bakal ana pangentasan, kaya kang wus di pangandikakake dening Pangeran Yehuwah; sarta saben wong kang katimbalan dening Sang Yehuwah iku bakal dadi panunggalane kang kaentas.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yoel 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel