Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yohanes 15 >> 

Wit anggur kang sajati

1“Aku iki wit anggur kang sajati, sarta RamaKu iku kang among tani.

2Saben pang kang ana ing Aku kang ora metu wohe, dipagas lan kang metu wohe, diresiki, supaya mundhaka akeh wohe.

3Kowe iku wus padha resik awit saka pitutur kang wus Dakwulangake marang kowe.

4Kowe tetepa dumunung ing Aku lan Aku ana ing kowe. Padha kaya pang ora bisa metu wohe saka awake dhewe, manawa ora tetep dumunung ana ing wit anggur, mangkono uga kowe ora bisa metokake woh manawa ora tetep dumunung ana ing Aku.

5Aku iki wite anggur lan kowe pang-pange. Sing sapa tetep dumunung ana ing Aku, lan Aku ana ing dheweke, iku kang metu wohe akeh, awit manawa tanpa Aku, kowe padha ora bisa tumindak apa-apa.

6Sing sapa ora tetep dumunung ana ing Aku, iku dibuwang metu kaya pang mau, temah dadi garing, tumuli padha dikukupi lan banjur dicemplungake ing geni, sarta diobong.

7Manawa kowe padha tetep dumunung ana ing Aku lan pituturKu tetep dumunung ana ing kowe, padha nyenyuwuna apa bae kang kokkarepake mesthi bakal katurutan.

8Kang dadi margane RamaKu kaluhurake, yaiku manawa kowe padha metokake woh akeh; sarta marga saka mangkono kowe padha tetela yen dadi siswaKu.”

Dhawuh supaya padha tresna-tinresnan

9“Kaya Sang Rama wus ngasihi Aku, mangkono uga Aku iya wus ngasihi kowe; padha tetepa dumunung ing sihKu iku.

10Manawa kowe netepi pepakonKu, kowe mesthi padha tetep dumunung ing sihKu, padha kaya anggonKu wus netepi dhawuhe RamaKu lan tetep dumunung ing sihe.

11Kabeh iku Daktuturake marang kowe, supaya kabungahanKu dumununga ing kowe lan kabungahanmu dadia sampurna.

12PapakonKu iku mangkene, iya iku supaya kowe padha tresna-tinresnanana, dikaya anggonKu wus nresnani kowe.

13Ora ana katresnan kang gedhene ngluwihi katresnaning wong kang ngetohake nyawane kanggo nglabuhi mitra-mitrane.

14Kowe iku mitraKu, manawa kowe padha nglakoni pepakonKu marang kowe.

15Aku ora ngarani abdi maneh marang kowe, sabab abdi iku ora sumurup marang panggawene bendarane, nanging kowe wus padha Dakarani mitra, jalaran sabarang kang wus Dakrungu saka RamaKu, iku wus Daksumurupake kabeh marang kowe.

16Dudu kowe kang padha milih Aku, nanging Aku kang milih kowe. Sarta Aku wus netepake, supaya kowe padha lunga lan metokake woh lan wohmu iku lestaria, dimen kowe padha kajurungana apa kang koksuwun marang Sang Rama atas saka jenengKu.

17Iki pepakonKu marang kowe: Padha tresna-tinresnanana.”

Sengite jagad marang Gusti Yesus lan para sakabate

18“Manawa kowe padha disengiti dening jagad, wruhanamu yen Aku wus disengiti sadurunge kowe.

19Saupama pinangkamu saka ing jagad, mesthi jagad tresna marang kowe awit dadi duweke, nanging sarehne pinangkamu ora saka ing jagad, malah Aku wus milihi kowe saka ing jagad, mulane jagad sengit marang kowe.

20Padha elinga marang pitutur kang wus Dakwulangake marang kowe: Kang jeneng abdi iku ora ngungkuli bendarane. Manawa Aku iki wus dikaniaya, kowe iya mesthi bakal dikaniaya; manawa iku padha netepi dhawuhKu, mesthi iya netepi pituturmu.

21Nanging iku kabeh bakal katandukake marang kowe marga saka Aku, awit padha ora wanuh marang Panjenengane kang ngutus Aku.

22Saupama Aku ora teka lan ora mituturi wong-wong iku, mesthi ora padha gawe dosa. Nanging saiki wong-wong iku ora duwe alasan ing bab dosane.

23Sing sapa sengit marang Aku, iya sengit marang RamaKu uga.

24Saupama Aku ora nindakake panggawe ana ing antarane kang durung tau ditindakake dening wong liya, mesthi ora padha dosa. Nanging saiki sanadyan wus padha weruh marang iku kabeh, ewadene iya padha sengit marang Aku lan marang RamaKu.

25Nanging kang mangkono iku supaya kayektenana pangandika kang katulisan ing kitab Toret surasane: Tiyang-tiyang punika sami sengit dhateng Kawula tanpa sabab.

26Manawa Sang Juru Panglipur kang bakal Dakutus saka Sang Rama rawuh, iya iku Rohing kayekten kang miyos saka Sang Rama, iku bakal nekseni bab ing ngatase Aku.

27Ananging kowe iya kudu padha dadi seksi, marga kowe padha nunggal karo Aku wiwit wiwitan mula.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

Download Audio MP3 (Yohanes 15):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  Yohanes 15 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel