Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yunus 2 >> 

Nabi Yunus ndedonga ngucap sokur

1Ana ing sajroning wetenge iwak iku, Nabi Yunus ndedonga marang Pangeran Yehuwah Allahe,

2unjuke: “Ing salebeting kasisahan, kawula sesambat dhateng Pangeran Yehuwah lajeng inggih dipun sembadani, wonten ing guwa-garbaning pejah kawula nyuwun tulung, Paduka lajeng miyarsakaken swanten kawula.

3Kawula sampun Paduka cemplungaken dhateng ing teleng, inggih ing dhasaring samodra, kawula lajeng kakupeng ing ombaking toya, sakathahing alun lan ombak Paduka nasabi badan kawula.

4Ing ngriku unjuk kawula: Kawula sampun kasebrataken saking ing ngarsaning paningal Paduka, punapa kawula badhe saged nyawang malih dhateng padaleman Paduka ingkang suci.

5Kawula sampun kinepang ing sakathahing toya ingkang ngancam nyawa kawula, kawula kasasaban ing samodra agung; sirah kawula kagubed-gubed ing lumuting samodra

6wonten ing dhasaring redi-redi. Kawula ambles ngantos dumugi ing dhasaring bumi; kawulu kakancingan ing slaraking bumi ing salaminipun; ing nalika punika Paduka lajeng ngentas nyawa kawula saking luwenging pejah, dhuh Yehuwah, Gusti Allah kawula.

7Nalika nyawa kawula nglumpruk nglemprek wonten ing batos kawula, kawula enget dhateng Pangeran Yehuwah, sarta pandonga kawula sumengka dhateng ing ngarsa Paduka wonten ing padaleman Paduka ingkang suci.

8Tiyang ingkang sami gondhelan dhateng brahala ingkang tanpa gina punika sami nilar dhateng ingkang ngasihi kanthi setya.

9Nanging kawula badhe nyaosi kurban dhateng Paduka kanthi ngucap sokur; punapa ingkang dados punagi kawula, badhe kawula leksanani; kawilujengan punika namung saking Sang Yehuwah!”

10Pangeran Yehuwah banjur dhawuh marang iwak mau lan Yunus banjur kawutahake menyang ing dharatan.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yunus 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel