Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Korintus 16 >> 

1Saiki bab sumbangsih arupa dhuwit sing manut layangmu arep kanggo mitulungi umaté Gusti Allah sing ana ing Yudéa: Kowé padha nindakna kaya pamrayogaku marang pasamuwan-pasamuwan ing tanah Galatia.

2Saben dina Minggu padha nyisihna dhuwit manut saduwéné. Padha klumpukna, supaya samangsa aku mbésuk teka, kowé ora prelu kesusu-susu nglumpukaké dhuwit mau.

3Mbésuk satekaku, aku bakal akon wong-wong sing kokprecaya, nganggo dakgawani layang, supaya ngeteraké sumbangsihmu mau menyang kutha Yérusalèm.

4Yèn aku prelu mèlu mangkat, iya kena; karebèn wong-wong mau mangkat bareng karo aku.

5Enggonku arep niliki kowé, mbésuk yèn aku wis saka Makédonia, sebab aku kepéngin ndlajahi tanah kono.

6Aku bakal mréné lan manggon sawetara lawasé ana ing satengahmu, bisa uga sajroné mangsa bedhidhing. Sawisé kuwi kowé bisa mbiyantu aku nerusaké lakuku.

7Yèn Gusti marengaké, aku kepéngin manggon sawetara suwé ana ing satengahmu, supaya enggonku mréné ora mung kaya wong mampir waé.

8Aku kepéngin ana ing kutha Éfesus kéné nganti Riaya Péntakosta,

9awit aku olèh wewengan lan wektu akèh kanggo ngabaraké Injil, senajan wong sing padha nglawan iya akèh.

10Menawa Timotius teka mréné, padha tampanana, awit dhèwèké uga nyambut-gawé kagem Gusti, kaya aku.

11Aja ana wong sing nyepèlèkaké dhèwèké, malah biyantunen, supaya bisa nerusaké lakuné, sarta bali menèh menyang panggonanku; sebab aku ngarep-arep Timotius bali mréné bebarengan karo para sedulur liyané.

12Déné mungguh sedulur Apolos, wis kerep aku ngatag-atag dhèwèké, supaya niliki kowé, bareng karo sedulur-sedulur liyané. Nanging ing wektu iki, sedulur Apolos mau durung bisa mréné.

13Wusana, padha jumagaa. Padha dibakuh ing pengandel! Padha dikendel lan disantosa,

14lan pegawéanmu kabèh lakonana kanthi katresnan.

15Kowé mesthiné wis padha ngerti yèn Stéfanus lan brayaté, klebu wong-wong kawitan ing Akhaya sing mratobat lan nglakoni ayahan kagem Gusti Yésus. Penjalukku marang kowé para sedulur,

16padha manut mituruta marang wong-wong sing kaya mengkono mau, lan iya marang sapa waé sing padha mbiyantu lan mèlu nglakoni rekasa karo wong-wong mau.

17Aku bungah déné Stéfanus, Fortunatus lan Akhaikus wis padha tekan kéné niliki aku. Awit wong-wong kuwi dakanggep minangka gantimu.

18Sedulur-sedulur mau gawé bungahing atiku, kaya déné enggoné gawé bungahing atimu. Wong-wong sing kaya mengkono mau padha ajènana.

19Para pasamuwan ing tanah Asia kabèh kirim salam marang kowé. Akwila lan Priskila, lan pasamuwan sing kumpulan ana ing omahé, uga padha kirim salam paseduluran ing patunggilané Gusti.

20Sedulur-sedulur kabèh ing kéné padha kirim salam marang kowé. Siji lan sijiné padha awèha salam, kanthi pengambung suci.

21Lan layang iki daktulis dhéwé: Salam saka aku, Paulus.

22Sing sapa ora tresna marang Gusti Yésus, kenaa paukuman déning Gusti Allah. Maranata !!— Gusti mugi énggal rawuh!

23Sih-rahmaté Gusti Yésus dumununga ana ing kowé kabèh.

24Tresnaku marang kowé sumrambaha ing kowé kabèh ing patunggilané Sang Kristus Yésus. Saka aku sekloron, Paulus lan Sostenès


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Korintus 16 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel