Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Raja-raja 14 >> 

1Kecrita putrané kakung Yérobéam sing asmané Abia, gerah.

2Yérobéam ngandika marang garwané, "Lungaa menyang Silo, sowana Nabi Ahia, sing biyèn ngandikani aku, yèn aku bakal dadi raja ing Israèl. Nanging kowé kudu nylamur, supaya wong ora ngerti yèn kowé garwaku.

3Nggawaa roti sepuluh, panganan lan madu segendul. Nyuwuna pirsa kepriyé bakal kedadéané anak kita Abia."

4Garwané Yérobéam mau banjur tindak menyang dalemé Ahia ing Silo. Nabi Ahia wis ora bisa ningali awit saka sepuhé.

5Nanging Pangéran ngandika marang Nabi Ahia yèn garwané Yérobéam arep rawuh nyuwun pirsa bab putrané sing gerah. Pangéran iya maringi weruh apa sing kudu ditindakaké déning Nabi Ahia. Sarawuhé ing kana, garwané Yérobéam nylamur éthok-éthok dudu garwané Yérobéam.

6Nanging Nabi Ahia bareng mireng jangkahé wong mlebu ing dalemé banjur ngandika, "Kula aturi mlebet, kula ngertos menawi panjenengan menika garwanipun Yérobéam. Mboten sisah nylamur. Wonten pawartos awon kagem panjenengan.

7Kula aturi matur dhateng Yérobéam, bilih mekaten dhawuhipun Pangéran, Allahipun Israèl, ‘Kowé wis Dakpilih saka ing antarané rakyat, Dakdadèkaké raja sing ngerèh umat-Ku Israèl.

8Kowé wis Dakparingi kraton kang Dakjupuk saka anak-turuné Dawud. Nanging kowé ora kaya abdi-Ku Dawud. Dawud kuwi setya marang Aku lan nglakoni dhawuh-dhawuh-Ku. Dawud mung nglakoni apa sing Dakkersakaké.

9Nanging kowé wis nglakoni dosa gedhé, ngluwihi dosané raja-raja sadurungé kowé. Kowé nyingkur marang Aku lan gawé duka-Ku srana enggonmu yasa reca saka emas sing padha disembah-sembah.

10Mulané Aku bakal nekakaké paukuman marang anak-turunmu. Anak-turunmu lanang enom utawa tuwa kabèh bakal Daktumpes. Kulawargamu bakal Daksirnakaké, carané kaya wong nyaponi uwuh.

11Sedulur-sedulurmu sing mati ing kutha jisimé bakal dipangan asu, lan sing mati ing njaban kutha bakal dipangan manuk ing awang-awang. Élinga, iki Aku, Pangéran Allah kang ngandika!’"

12Saterusé Nabi Ahia ngandika marang garwané Yérobéam mengkéné, "Samenika panjenengan kula aturi kondur. Samasa panjenengan mlebet ing kitha, kang putra Abia badhé tilar.

13Rakyat Israèl sedaya badhé ngawontenaken petangisan sarta ngubur keng putra. Namung Abia menika kémawon putranipun Yérobéam ingkang sédanipun kasarèkaken mawi upacara, mergi namung piyambakipun kémawon ingkang damel renaning penggalihipun Pangéran, Allahipun Israèl.

14Israèl badhé kaparingan déning Allah raja ingkang numpes tedhak-turunipun Yérobéam sedaya.

15Israèl badhé kaukum déning Allah, mila badhé miyar-miyur kados glagah ingkang wonten ing lèpèn. Allah badhé mbedhol Israèl saking negari, ingkang kaparingaken dhateng para leluhuripun, lajeng badhé kasebar ing sabranging Bengawan Éfrat, mergi sampun sami damel dukanipun Allah, inggih menika sami damel reca-recanipun Dèwi Asyéra.

16Israèl badhé katégakaken déning Allah, mergi saking Yérobéam ingkang sampun nglampahi dosa lan njalari tiyang Israèl sami tumut damel dosa."

17Sawisé mengkono garwané Yérobéam nuli mulih menyang Tirza. Nalika mlebu ing dalemé, Abia, putrané tilar.

18Rakyat Israèl nganakaké petangisan, jisimé banjur dikubur, kaya sing dingandikakaké déning Allah lantaran Nabi Ahia, abdiné.

19Riwayaté Raja Yérobéam liyané, yakuwi pepréntahané lan peprangan-peprangané, wis ditulis ing Kitab Sejarahé Raja-raja Israèl.

20Rolikur taun lawasé Yérobéam jumeneng raja, sawisé mengkono banjur séda lan disarèkaké. Nadab, putrané, nggentèni jumeneng raja.

21Nalika putrané Suléman sing asma Réhabéam dadi raja ing Yéhuda yuswané patang puluh siji taun. Enggoné mréntah lawasé pitulas taun ana ing Yérusalèm, kutha sing kapilih déning Allah saka ing antarané kutha-kutha sa-Israèl kabèh, kadadèkaké panggonan pangibadah kagem Panjenengané.

22Nanging bangsa Yéhuda nglakoni dosa ing ngarsané Allah. Penggawéné bangsa mau gawé dukané Allah, ngungkuli dosané para leluhuré.

23Bangsa mau padha mbangun papan kanggo nyembah brahala ana ing tengger-tengger lan ing ngisor wit-wit gedhé. Mengkono uga padha ngedegaké tugu-tugu sarta lambangé Dèwi Asyéra kang padha disembah.

24Ana ing kono wong-wong lanang-wadon padha nindakaké penggawé nistha dadi srana panyembahé marang déwa-déwané. Dadi wong Yéhuda kabèh padha nglakoni penggawé sing njijiki kaya sing dilakoni déning bangsa-bangsa sing biyèn dilungakaké déning Allah saka kono, nalika wong Israèl padha mlebu ing tanah mau.

25Kecrita ing taun kaping sewelasé pepréntahané Raja Réhabéam, Sisak, raja ing Mesir nyerang kutha Yérusalèm.

26Raja mau njarah-rayah sakèhé barang sing pengaji sing ana ing Pedalemané Allah lan ing kedhatoné Sang Prabu, uga tamèng-tamèng emas yasané Raja Suléman.

27Kanggo ngijoli tamèng-tamèng mau Raja Réhabéam gawé tamèng-tamèng saka prunggu, dipasrahaké marang para perwira sing padha jaga ing lawangé kedhaton.

28Saben Sang Prabu tindak menyang Pedalemané Allah, para perwira jaga padha nggawa tamèng-tamèng mau, ndhèrèkaké tindaké Sang Prabu, lan yèn wis rampung, tamèng-tamèng mau disimpen menèh ing kamaré perwira-perwira sing jaga.

29Riwayaté Raja Réhabéam liyané wis katulis ing Kitab Sejarahé Raja-raja Yéhuda.

30Selawasé jumeneng raja tansah ana peprangan antarané Réhabéam karo Yérobéam.

31Réhabéam banjur séda lan disarèkaké ana ing pesaréané raja-raja ing kuthané Dawud. Abiam, putrané, nggentèni jumeneng raja.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Raja-raja 14 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel