Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Raja-raja 16 >> 

1Gusti Allah ngandika marang Nabi Yéhu bin Hanani mengkéné, "Tutura marang Baésa mengkéné,

2‘Biyèn kowé dudu apa-apa, nanging wis Dakangkat dadi raja mengku umat-Ku Israèl. Saiki kowé nglakoni dosa kaya sing ditindakaké déning Yérobéam lan njalari umat-Ku Israèl mèlu gawé dosa, nganti gawé duka-Ku.

3Mulané Aku bakal numpes kulawargamu padha kaya enggonmu numpes kulawargané Yérobéam.

4Kulawargamu sing mati ing kutha, jisimé bakal dipangan asu, lan sing mati ana ing sanjabané kutha bakal dipangan manuk ing awang-awang.’"

5(16:5-7) Pangandikané Allah marang Baésa mau diterusaké déning Nabi Yéhu marang Baésa, merga raja mau wis gawé dosa marang Allah. Baésa gawé dukané Allah, ora mung merga piala-pialané sing dilakoni, nanging uga merga enggoné wis matèni kulawargané Yérobéam kabèh. Riwayaté Baésa liyané, uga bab kekendelané, kabèh wis ditulis ing Kitab Sejarahé Raja-raja Israèl. Baésa séda lan disarèkaké ing pesaréan ing Tirza. Éla, putrané, nggentèni dadi raja.

6(16:5)

7(16:5)

8Nalika Asa enggoné jumeneng raja ing Yéhuda nyandhak nemlikur taun, Éla putrané Baésa, dadi raja ing Israèl. Enggoné jumeneng raja ing Tirza, lawasé rong taun.

9Zimri, perwira sing dadi komandhané pasukan kréta perang, gawé komplotan nglawan marang Éla. Ing sawijining dina ana ing Tirza, nalika Éla lagi inum-inuman nganti mendem, ing omahé Arza, kepalané rumah tangga kedhaton.

10Zimri mlebu lan nyédani Éla, banjur dadi raja, nggentèni Éla. Kelakoné mau nalika Asa enggoné jumeneng raja ing Yéhuda nyandhak pitulikur taun.

11Bareng wis dadi raja, Zimri banjur énggal-énggal matèni kulawargané Baésa kabèh, malah sanak-sedulur lan para mitrané kulawargané iya mèlu dipatèni, ora ana sing kliwatan.

12Kelakoné kuwi kaya sing wis dingandikakaké déning Allah tumrap kulawargané Baésa, lantaran Nabi Yéhu, yèn kulawarga mau bakal dipatèni kabèh.

13Baésa lan Éla, anaké, padha nyembah marang déwa-déwa lan njalari wong Israèl padha mèlu gawé dosa, mula gawé dukané Pangéran, Allah sesembahané Israèl.

14Riwayaté Éla liyané wis katulis ing Kitab Sejarahé Raja-raja Israèl.

15Nalika Asa enggoné jumeneng raja ing Yéhuda nyandhak pitulikur taun, Zimri dadi raja ing Israèl. Dalemé ana ing Tirza. Enggoné jumeneng raja lawasé pitung dina. Nalika semono wong Israèl lagi padha ngepung Gibeton, kutha ing tanah Filistia.

16Nalika padha krungu yèn Zimri gawé komplotan nglawan Sang Raja, malah nyédani Sang Raja, sanalika iku uga ana ing Gibeton kono wong-wong Israèl padha ngangkat Omri, panglimané, dadi raja ing Israèl.

17Omri lan tentarané banjur lunga saka Gibeton menyang Tirza, ngepung kutha mau.

18Bareng weruh yèn kutha mau wis direbut, Zimri banjur mlebu kedhaton; kedhaton mau nuli diobong dhéwé, mula Zimri iya séda.

19Kuwi padha karo lelakoné Raja Yérobéam, sebab Zimri iya gawé dosa marang Allah, lan njalari wong Israèl mèlu gawé dosa.

20Riwayaté Zimri liyané, iya bab enggoné gawé komplotan, wis katulis ana ing Kitab Sejarahé Raja-raja Israèl.

21Kecrita ing antarané umat Israèl ana pasulayan merga ana sebagéan sing ngiloni Tibni bin Ginat dadi raja, nanging iya ana sebagéan sing ngiloni Omri.

22Wekasané sing mihak Omri menang. Tibni mati, lan Omri jumeneng raja.

23Kelakoné kuwi nalika Asa enggoné dadi raja ing Yéhuda nyandhak telung puluh siji taun. Omri jumeneng raja ana ing Tirza, lawasé nem taun.

24Nanging banjur mundhut gunung, regané 6.000 dhuwit slaka, saka wong sing jeneng Sèmèr. Omri yasa kutha ing gunung mau, dijenengaké Samaria, kaya jenengé wong sing duwé lemah biyèn.

25Omri nglampahi dosa sing luwih gedhé ketimbang karo raja-raja sing mréntah sadurungé.

26Ora béda karo Yérobéam, Omri damel dosa lan njalari wong Israèl padha mèlu gawé dosa, yakuwi nyembah marang déwa-déwa, nganti gawé dukané Pangéran, Allah sesembahané Israèl.

27Riwayaté Omri liyané lan apa sing digayuh wis katulis ana ing Kitab Sejarahé Raja-raja Israèl.

28Omri séda lan disarèkaké, ing Samaria. Akhab, putrané, nggentèni jumeneng raja.

29Nalika Asa enggoné jumeneng raja ing Yéhuda nyandhak telung puluh wolu taun, Akhab bin Omri, dadi raja ing Israèl. Enggoné jumeneng raja lawasé rolikur taun. Dalemé ana ing Samaria.

30Akhab dosané marang Allah gedhé banget, ngungkuli raja-raja sadurungé.

31Yèn mung kaya dosané Raja Yérobéam kuwi durung apa-apa, merga Akhab iya nggarwa Izébèl, putriné Raja Ètbaal saka Sidon, malah banjur nyembah marang Baal.

32Akhab yasa papan pangibadah kanggo Baal ing Samaria, lan yasa mesbèh kanggo saos kurban marang Baal mau,

33sarta kanggo recané Dèwi Asyéra. Cekaké dosané ngungkuli dosa-dosa sing dilakoni déning raja-raja ing Israèl kabèh ing sadurungé. Mulané Akhab gawé dukané Pangéran, Allah sesembahané bangsa Israèl.

34Ing jamané Akhab dadi raja, kutha Yérikho dibangun menèh déning Hièl, wong Bètèl. Nanging kaya sing diweca déning Yosua bin Nun, anaké Hièl ana loro sing mati, yakuwi Abiram, anaké sing mbarep, sing mati nalika Hièl masang pondhasiné kutha, lan Segub, anaké ragil iya mati, nalika Hièl masang gapurané.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Raja-raja 16 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel