Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Raja-raja 22 >> 

1Rong taun lawasé kaanané tentrem; ora ana perang ing antarané Israèl lan Siria.

2Bareng taun sing kateluné Yosafat, raja Yéhuda tuwi marang Akhab, raja Israèl.

3Sadurungé Akhab wis ngandika karo para perwirané, "Kutha Ramot ing Giléad kuwi rak duwèk kita. Yagéné ora kita rebut saka raja Siria?"

4Dadi, nalika Yosafat rawuh, Akhab ngandika, "Menapa panjenengan kersa sesarengan kaliyan kula ngrebat kitha Ramot?" Wangsulané Yosafat, "Menawi kita sesarengan kula purun; tentara lan prejurit kapalan kula badhé kula tumutaken.

5Nanging prayoginipun kita nyuwun pirsa rumiyin dhateng Gusti Allah."

6Raja Akhab banjur nglumpukaké nabi 400 sarta ndangu para nabi mau, "Kula angsal nyerang Ramot menapa mboten?" Wangsulané para nabi, "Inggih angsal. Gusti Allah badhé paring kaunggulan dhateng panjenengan."

7Nanging Yosafat ngandika menèh, "Menapa wonten nabi sanèsipun ingkang saged dados lantaran kita nyuwun pirsa dhateng Pangéran?"

8Wangsulané Raja Akhab, "Wonten setunggal, Nabi Mikha bin Yimla. Nanging kula mboten cocog kaliyan piyambakipun, awit mboten naté meca saé kanggé kula; selaminipun namung ingkang awon kémawon." Ngandikané Yosafat, "Ah, sampun ngandika mekaten."

9Raja Akhab nimbali punggawa kedhaton diutus énggal-énggal methuk Nabi Mikha.

10Nalika semono Akhab lan Yosafat padha ngagem ageman keprabon sarta lenggah ing kursi keprabon ana ing alun-alun, cedhak gapurané kutha Samaria. Nabi-nabi kabèh padha ngadhep prelu nglapuraké ramalané.

11Ana nabi, sing jeneng Zedekia bin Kenaanah, gawé sungu-sungunan saka wesi, lan matur marang Akhab, "Mekaten pangandikanipun Allah, ‘Srana sungu mengkéné iki enggonmu bakal merangi lan numpes wong Siria.’"

12Nabi-nabi liyané padha ngrujuki, aturé, "Menawi Sang Prabu nyerang Ramot, panjenengan badhé unggul, awit Allah badhé paring kaunggulan."

13Déné para punggawa sing methuk Nabi Mikha kandha karo Nabi Mikha mengkéné, "Nabi-nabi sanèsipun sedaya sampun ngramalaken bilih Sang Prabu badhé unggul, pramila prayogi menawi bapak inggih ngramalaken ingkang saé."

14Nanging Nabi Mikha mangsuli, "Demi Allah ingkang gesang, kula janji, bilih menapa ingkang dipun ngandikakaken déning Allah, menika kémawon ingkang badhé kula aturaken!"

15Sawisé Nabi Mikha tekan ngarsané Raja Akhab banjur didangu, "Mikha, Raja Yosafat lan kula angsal nyerang kitha Ramot menapa mboten?" Wangsulané, "Mangga, kula aturi nyerang kémawon! Pangéran badhé paring kaunggulan dhateng panjenengan."

16Wangsulané Raja Akhab, "Menawi ngandika dhateng kula atas asmanipun Pangéran, kula aturi blaka. Panjenengan rak sampun wongsal-wangsul kula émutaken."

17Aturé Nabi Mikha, "Kula sumerep tentara Israèl sami pating slebar ing redi-redi, kados ménda tanpa pangèn. Pramila Allah ngandika, ‘Wong-wong iki karebèn padha mulih kanthi slamet, sebab padha ora duwé pemimpin.’"

18Raja Akhab banjur ngandika marang Yosafat, "Rak leres ta atur kula dhateng panjenengan wau? Tiyang menika mboten naté ngramalaken ingkang saé kanggé kula. Selaminipun namung ingkang awon kémawon."

19Aturé Nabi Mikha menèh, "Samenika kula aturi midhangetaken dhawuhipun Allah. Kula ningali Allah lenggah ing dhamparing swarga, lan para malaékatipun sedaya jumeneng ing sacelakipun.

20Allah ndangu, ‘Sapa sing bisa mbujuk Raja Akhab supaya mangkat perang lan dipatèni ana ing Ramot?’ Ing antawisipun para malaékat wonten ingkang matur mekaten lan mekaten.

21Wusana wonten roh majeng, nyelaki Gusti Allah kaliyan matur, ‘Piyambakipun badhé kula apusi.’

22Pandangunipun Gusti Allah, ‘Carané kepriyé?’ Atur wangsulanipun roh wau, ‘Kula badhé késah mrika, lajeng badhé mbujuk para nabinipun Akhab, supados sedaya sami goroh.’ Pangandikanipun Gusti Allah, ‘Ya, becik, wis lakonana. Merga enggonmu mbujuk bakal olèh gawé.’"

23Wusana Nabi Mikha banjur matur, "Lah menika ingkang sampun kelampahan! Allah sampun damel para nabi panjenengan sami nggorohi panjenengan, margi Allah sampun netepaken, bilih panjenengan badhé ngalami cilaka."

24Nabi Zedekia banjur maju nyedhaki Nabi Mikha; Mikha dikampleng sirahé karo muni, "Dhèk kapan Rohé Allah metu saka aku lan ngrasuki kowé?"

25Wangsulané Nabi Mikha, "Mbésuk kowé bakal weruh, samasa kowé mlebu-metu ing kamar-kamar golèk pandhelikan."

26Dhawuhé Akhab, "Wong kuwi cekelen. Sowanna Amon, wali kota lan marang Yoas.

27Karebèn ditahan ing pakunjaran, lan konen mènèhi mangan sethithik waé, nganti satekaku."

28Aturé Nabi Mikha, "Menawi panjenengan kondur kalayan wilujeng, ateges Gusti Allah mboten ngandika lantaran kula!" Banjur nyambeti, "Hé wong sabangsa kabèh, padha rungokna."

29Sawisé mengkono Akhab, raja Israèl lan Yosafat, raja Yéhuda padha nglurug perang nyerang kutha Ramot ing Giléad.

30Akhab ngandika marang Yosafat, "Kula badhé nylamur lan tumut perang, nanging panjenengan prayogi ngagem ageman keprabon." Dadi raja Israèl mau nylamur, banjur mèlu perang.

31Nalika semono para panglima perang Siria, sing cacahé telung puluh loro wis diabani déning rajané supaya aja nyerang wong liya, mung nyeranga raja Israèl waé.

32Mulané bareng weruh Raja Yosafat, kabèh padha ngira yèn kuwi raja Israèl, banjur padha ngesuk maju nyerang Raja Yosafat. Bareng Yosafat nguwuh,

33lagi padha ngerti yèn dudu raja Israèl, banjur padha mundur.

34Nanging tanpa dijarag ana prejurit Siria narik gendhéwané nglepasaké panah srampangan, jebul ngenani Raja Akhab. Panahé tumancep ing antarané sabuk karo agemané keré, natoni Sang Prabu. Raja Akhab ngandika marang kusiré kréta perang sing dititihi, "Aku ketaton, mbalika. Aku gawanen metu saka barisan!"

35Ing dina kuwi perangé saya ramé lan Raja Akhab disangga supaya jumeneng jejeg ana ing kréta, ngadhepaké tentara Siria. Nanging rahé mili terus saka tatuné, mblabar ana ing jrambahé kréta. Soré kuwi Sang Prabu séda.

36Bareng ngarepaké surup tentara Israèl diabani supaya padha bali menyang kutha lan daérahé dhéwé-dhéwé,

37merga Sang Prabu séda. Satekané tentara Israèl mau ing Samaria, Sang Prabu nuli disarèkaké.

38Nalika krétané dikumbah ana ing blumbang ing Samaria, para wantia tuna susila lagi padha adus. Banjur ana asu padha ndilati getihé Akhab sing ana ing jrambahé kréta, cocog karo sing dingandikakaké déning Allah.

39Riwayaté Raja Akhab liyané, bab kedhatoné gadhing lan kutha-kutha kabèh sing dibangun, wis ditulis ana ing Kitab Sejarahé Raja-raja Israèl.

40Sawisé Akhab séda, Ahazia putrané nggentèni jumeneng raja.

41Nalika Akhab enggoné jumeneng raja ing Israèl nyandhak taun ping paté, Yosafat, putrané Raja Asa, jumeneng raja ing Yéhuda.

42Nalika semono yuswané Yosafat telung puluh lima taun lan dedalem ing Yérusalèm. Enggoné jumeneng raja lawasé selawé taun. Asmané ibuné Azuba, putrané Silhi.

43Yosafat lelampahané becik ana ing ngarsané Allah, kaya Asa, ramané sing jumeneng raja sadurungé Yosafat.(22-44) Mung waé papan-papan panyembahan brahala ora digempur, mulané rakyat isih waé saos kurban lan ngobong menyan ana ing papan-papan mau.

44(22-45) Yosafat srawungé karo raja ing Israèl becik.

45(22-46) Riwayaté Yosafat liyané, bab kekendelané lan peprangan-peprangan sing ditindakaké, kabèh wis katulis ing Kitab Sejarahé Raja-raja ing Yéhuda.

46(22-47) Panjenengané nglungakaké sakèhé wanita lan priya tuna susila sing ngladèni ana ing mesbèh-mesbèhé brahala, sing isih padha kari wiwit jamané Raja Asa, ramané.

47(22-48) Nalika semono tanah Édom ora duwé raja, mulané daérah mau dipréntah déning bupati, sing diangkat déning Raja Yosafat.

48(22-49) Kanggo njupuk emas saka Ofir, Raja Yosafat yasa kapal gedhé-gedhé. Nanging kapal-kapal mau ora sida lelayaran, sebab rusak ana ing Ézion-Gèbèr.

49(22-50) Raja Ahazia saka Israèl ngajak supaya wong-wongé lelayaran bebarengan karo wong-wongé Raja Yosafat, nanging Yosafat ora kersa.

50(22-51) Yosafat séda lan disarèkaké ana ing pesaréané raja-raja ing kuthané Dawud. Yoram, putrané nggentèni jumeneng raja.

51(22-52) Nalika Yosafat enggoné jumeneng raja nyandhak kaping pitung tauné, Ahazia, putrané Akhab, jumeneng raja ing Israèl; lawasé rong taun.

52(22-53) Raja Ahazia nglampahi dosa ing ngarsané Allah merga niru tuladha sing ala saka Akhab, ramané, lan saka Izébèl, ibuné, sarta saka Raja Yérobéam, sing njalari wong Israèl padha gawé dosa.

53(22-54) Raja Ahazia mau nyembah marang Baal. Lan kaya ramané, sing jumeneng raja sadurungé, Ahazia gawé dukané Pangéran, Allah sing disembah wong Israèl.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Raja-raja 22 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
© 2010-2021
Alkitab.SABDA.org

Android.SABDA.org
SABDA.mobi
Bantuan
Dual Panel

Laporan Masalah/Saran