Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Raja-raja 4 >> 

1Raja Suléman ngerèh sabangsa Israèl kabèh.

2(4:2-6) Para punggawané Suléman sing dhuwur pangkaté yakuwi: Imam-imam: Zadok, Azaria bin Zadok, Abiatar. Sèkretaris kedhaton: Yosafat bin Ahilud. Panglima tentara: Benaya bin Yoyada. Penggedhéné para bupati: Azaria bin Natan. Penaséhat raja: Imam Zabud bin Natan. Penggedhé urusan kedhaton: Ahisar. Penggedhé urusan karya negara: Adoniram bin Abda.

3(4:2)

4(4:2)

5(4:2)

6(4:2)

7Suléman ngangkat bupati rolas kanggo ngerèh satanah Israèl kabèh. Kuwajibané para bupati mau nglumpukaké saka daérahé dhéwé-dhéwé pangan kanggo dhaharé Sang Prabu lan para wargané kedhaton. Carané giliran, saben bupati diwajibaké netepi gilirané setaun sepisan, lawasé sesasi.

8(4:8-19) Bupati rolas mau diawasi déning sawijining penggedhé. Iki daftaré para bupati lan wilayahé: Bènhur, bupati kanggo wilayah pegunungan Éfraim. Bèn Dèkèr, kanggo kutha-kutha Makas, Saalbim, Bèt-Sèmès, Élon, Bèthanan. Bènhèsèd, bupati kanggo kutha-kutha Arubot, Sokho, lan daérah Hèfèr kabèh. Bèn Abinadab, garwané Tafat, putra putriné Suléman, bupati kanggo daérah Dhor. Baana bin Ahilud, bupati kanggo kutha-kutha Taanak, Megido, daérah Bèt-Séan kabèh, daérah sacedhaké kutha Sartan, sakidulé kutha Yésreèl, tekan kutha Abèl-Mehola tekan Yokméam. Bèn Gèber, bupati kanggo kutha Ramot ing Giléad, pedésan-pedésan ing Giléad, duwèké trah Yair anak-turuné Manasyè, daérah Argob ing Basan sing ana kuthané gedhé sewidak nganggo bètèng lan lawang-lawangé nganggo palang prunggu. Ahinadab bin Idho, bupati kanggo daérah Mahanaim. Ahimaas, garwané Basmat, putra putriné Suléman, bupati kanggo daérah Naftali. Baana bin Husai, bupati kanggo daérah Asyèr lan kutha Alot. Yosafat bin Paruah, bupati kanggo daérah Isakar. Simèi bin Éla, bupati kanggo daérah Bènyamin. Gèber bin Uri, bupati kanggo daérah Giléad, tilas jajahané Sihon, raja Amori lan Og, raja Basan.

9(4:8)

10(4:8)

11(4:8)

12(4:8)

13(4:8)

14(4:8)

15(4:8)

16(4:8)

17(4:8)

18(4:8)

19(4:8)

20Cacahé rakyat Yéhuda lan Israèl akèh banget, presasat wedhi ing sapinggiring segara. Uripé seneng, pangan lan ombèn-ombèné turah-turah.

21Bangsa-bangsa kabèh, wiwit saka Bengawan Éfrat tekan Filistia lan tapel watesé tanah Mesir, klebu jajahané Raja Suléman. Bangsa-bangsa mau padha teluk lan padha mbayar pajeg marang Raja Suléman.

22Saosan dhahar kagem Sang Prabu Suléman kuwi saben dina rupa glepung trigu alus 5.000 liter, glepung trigu kasar 10.000 liter,

23sapi kandhang sepuluh, sapi pangonan rong puluh, wedhus gèmbèl satus. Kejaba kuwi iya menjangan, kidang, menjangan-tutul karo kéwan iberan sing dilelemu.

24Kabèh tanah sakuloné Bengawan Éfrat, saka Tifsah tekan sakuloné kutha Gaza adoh klebu jajahané Raja Suléman. Raja sakuloné Bengawan Éfrat kabèh teluk marang Raja Suléman lan negara ing kiwa-tengené kabèh padha rukun karo panjenengané.

25Sajroné Sang Prabu isih sugeng rakyat ing Yéhuda lan Israèl uripé padha ayem lan tentrem. Saben brayat padha duwé kebon anggur lan kebon zaitun.

26Raja Suléman kagungan tentara jaranan rolas èwu, lan jarané sing diingu ing kandhang kanggo narik kréta ana patang puluh èwu.

27Para bupati giliran saben sasi nyaosi kabutuhané kanggo dhaharé wong saisiné kedhaton, nganti padha ora kekurangan apa-apa.

28Saben bupati uga nyaosi jewawut lan damèn kanggo jarané Sang Prabu kabèh, jaran tunggangan lan jaran sing kanggo narik kréta. Pakané kéwan-kéwan mau diteraké menyang kandhang-kandhangé, miturut kabutuhané.

29Raja Suléman kaparingan kawicaksanan déning Allah lan kawruh sing muluk-muluk sarta pangertèn sing jero banget.

30Ing negara-negara sisih Wétan lan ing Mesir ora ana wong sing kapinterané ngungkuli Raja Suléman.

31Panjenengané wong sing pinter dhéwé, ngungkuli Étan wong Ézrahi, Kalkol lan Darda anak-anaké Mahol. Asmané Raja Suléman misuwur ing negara-negara sakiwa-tengené.

32Pitutur sing dikarang déning Raja Suléman ana telung èwu, lan nyanyian-nyanyiané luwih saka sèwu.

33Panjenengané ngarang nyanyian bab wit-witan lan tanduran-tanduran, bab cemara ing Libanon tekan suket hisop sing thukul ing témbok-témbok watu. Uga bab kéwan-kéwan, kayata sato iberan, kéwan sing mbrangkang tekan iwak-iwak pisan.

34Raja-raja sajagad padha mireng bab kapinterané Raja Suléman, mula padha ngutus utusan supaya padha nyinau kawicaksanané.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Raja-raja 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel